Aja Panik

Lur, sehat? Ketemu maning sing dibahas mesti beda, ning mesti mengkone akhire padha, nek menungsa urip pancen kudu waspada. Mbuh neng rumah tangga, tempat kerja nganti neng dalan. Neng rumah tangga waspada ora pada shaleh marakna pada padu silang pendapat banjur pada jengkelan merga ora gelem brayan, seneng meksakna kekarepan rumangsa paling bener, mbuh wong tua, anak, kakang, adhi sedulur sanaka angger pada sekepenake dhewek ya banjur marakna resistensi, macet komunikasi, dadi bebeh brayan njur pada berubah perangaine, ana sing tetep kuat ana sing minggat ana sing meneng nganti ana sing setres.

Babagan penyakit, kawit ganu mula nek rika nyong pada titen, jenise sing marakna mriyang ana pirang sebab, yakuwe sebab infeksi, sebab trauma, sebab konginetal, sebab metabolik, sebab hormon, sebab neoplasma, karo degeneratif. Merga sebabe ana banjur mesti ana upayane promotif, preventif, kuratif, rehabilitatif, banjur upaya kuwe njur kebiasakan promosine pola hidup sehat. Kabeh mau kudu runut kawit awal ben ora kebanjur mulane kabeh ana upaya pencegahan.

Termasuk siki rika lagi pada waspada masalah penyakit infeksi sing disebabna neng virus, seliane infeksi merga jamur uga bakteri. Infeksi virus sing lagi diributna siki dijenengi Convig 19 neng WHO, maune dijenengi corona merga bentuk selubunge, dijenengi Wuhan merga pertama nyebar wabah sekang kono.

Menungsa berubah, kewan berubah, wit witan berubah melu perkembangan jaman, iklim, cuaca melu tuaning bumi. Bumi uga berubah maune penduduk sithik siki akeh banget. Menungsa maune lunga mung mlaku, banjur numpak kewan, gawe kendaraan nganti bisa mabur. Semana uga penyakit, maune lokal tok nulare sepanggonan, siki tekan endi ora. Penyakit maune ora kuat karo ketahanan awak siki wis bisa lewih kuwat timbang awak, merga nyerang neng sel sing marakna rusake organ intine menungsa urip.

Semana uga Config 19 sing jane maune nyebar sekang saluran nafas mbuh perkarane saluran nafas kewan tekan menungsa, apa menungsa karo menungsa ning kekebalane duwur dadi marakna viruse melu sinau kepriwe lewih kuat. Ilmune menungsa nembe tekan ben kuat kudu imunisasi. Sing tujuane ben sel awak ngerti nek ana virus sing pada langsung bisa diserang dewek neng sel pertahanan awak dadi kuat ora keserang.

Virus sing sering di imunisasikna kawit cilik rika pada ngerti . Ana imunisasi polio, influenza, meningitis uga liyane tekan imunisasi khusus nggo wong wadon nyegah kangker rahim. Kabeh mau usaha menungsa sinau ilmune gusti Allah. Nyinauni uripe awake dhewek karo semesta alam termasuk anane virus.

Nek dihubungna ribute kabeh menungsa sedunya nganti gawe pernyataan wis ana penyebaran tekan endi bae ya wajar, genah rika pada ngerti wiji dipangan manuk bisa urip pari neng nduwur gendheng. Tekan endi manuk, kampret, uga kewan liya lunga, mlayu, mabur banjur ngising ning wijine esih wutuh ya neng kono ana winih wit witan sekang wiji mau. Semana uga virus, tekan endi bae menungsa sing bar lunga sekang daerah liya ya bisa bae ketularan penyakit mau, ning nek kondisine sehat, ya tetep kuat merga sel neng njero awak kuat nglawan penyakit mau.

Mulane Mentri Kesehatan karo Rama Presiden ngendikani tetep tenang aja panik, artine tetep waspada, aja telat mangan, ngindari kontak wong mriyang, mangan sing sehat, olahraga uga liyane. Virus mung urip neng makhluk urip, mung esih ana sing urip sedhela neng perantarane. Mulane kepriwe carane ngindari wektu singkat esih uripe virus kuwe ngontak neng awake dewek, neng cairan, nempelan, seruangan lembab, riak uga liyane. Mulane nek watuk ditutupi, bersin ditutup, uga liya liyane sing wis akeh disampekna neng ndi ora. Aja panik sing tenang.. Kelilaan. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !