Bekti

Lakune menungsa neng ndunya awake dhewek padha paham keetung neng umur. Mulai ketemuane sel ndoge sekang biyung ketemu sel sperma ramane dhewek ketemu banjur dadi benih, nganti disemburna Roh neng Gusti Allah banjur disumpah arep bekti uga kudu ngibadah maring Gusti Allah sewise klekar neng ndunya.
Kawit klekar menungsa uga wis nggawa sifat wateke arep dadi apik apa ora neng alam ndunya dipasrahna maring wong tuwa, banjur kuwe mau kabeh diarani proses pendidikan, sekang cilik tekan tuwa nganti mati menungsa ngalami kedaden dewek dewek.

Kedadian sing dimaksud ana pengalaman pribadi dewek, ana uga sing olih sekang pergaulan. Wong sing sering ketemu wong akeh bakal nduwe pengalaman unggul linuwih timbang wong sing isine ngurusi awake dhewek, wong sing bisa mikir uga paham konflik, biasane ndadekna konflik utawa masalah ngasilna aturan kesepakatan, ning nek nduwe watek ala apabae konflik didadekna kumpulan kesalahan sing kena nggo nyerang balik liyane sing salah.

Rika pada sering weruh kedadian menungsa meksakna kepenginan ning ora paham merga nangani masalah mung sekang segi positive dhewek, ora ngerti segi positif sisi liyane, marakna keputusan sing dijiot akhire ana sing ora cocog banjur marakna gejolak, ning dasar menungsa ora seneng bekti apa sing wis dadi gaweane, akehe pada mblenjani apa maning angger ranana duit. Bisa bae merga ora mampu utawa merga pancen emoh.

Ana wong diwei contoh lewih seneng jengkel, tinimbang langsung mbantu ana kegiatan sosial, diwei tugas nyekel duit sosial ya dicekethem ora banjur dimanfaatna, ana wong gawe kerjasama ora sunau priwe carane malah ngoreksi dikira mubah duite. diajari nglayani kanti model eksekutive servis excelent malah mikir program mubah.

Ora mikir neng bagiane dewek nglayani antri bingung gawe solusi, ngerti antri jagongan kurang ora ana niat prentah njaluk tulung sarpras mindah bangku kosong uga seteruse. Nek wis wayahe bali, banjur bali blas, ora mikirna kedadian kepriwe pelayanan sore mbengi nek ana kedadian mbludag, embuh pasrah oranana inovasi babar blas karo unit uga bagiane dewek-dewek.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !