Cara

Lur, sehat? Jaman covid 19 sing ora mesti kepriwe nunjukna kuasaning Allah SWT siji sijine sing absolut, nek ndunya kue merga sithike ilmu menungsa dadi marakna kabeh rencana menungsa mung siji loro sing bisa diukur karo angka pasti. Ngerti ana simpangan, deviasi itungan menungsa mung ngira ira kepriwe arep urip biasa maning, ning ana tambah cara.

Neng kitabe gusti Allah, kabeh wis kecatet apa apa sing kudu disinauni menungsa, mung siji liyane beda cara mikir, mula banjur matengna masakan ana sing digodhog, ana sing digoreng, ana sing dibakar, ana sing dibekukna, uga cara ngawetna panganan ana diasina, dimanisna, digaringna nganti dibekukna. Kabeh mau nek menungsa ngerti paham jenenge sunatullah.

Urip neng new normal mangsan covid 19, wis paham kabeh ana protokol anyar, mulane kabeh ya kudu ngerti sekuate, pemerintah, pimpinan uga liyane nduwe tanggungjawab ngopeni wargane, ning kesehatan sejatine tanggung jawab awake dhewek dhewek. Ngganea ana jaminan sejatine kuwe kewajiban tanggungjawab pemerintah merga sistem kudu nglindungi wargane, sukur ana bantuan, oranana ya kudu nduwe cara kepriwe urip bisa njaga awak sekang sunatullah liyane, virus uga bakteri.

Kedadian menungsa nggeser anggaran, keperluan, nganti manfaatna kahanan merga anane kedadian bae polahe beda-beda. Ana sing dodolan alat, ana sing ngumpulna dana nggo mbantu liyane, nulung tekan endi ora, ning ana uga sing kreatif ngatasi kahanan, kabeh mau merga niat uga pemahaman sing beda miturut sifate dasar menungsa. Salah orane uga gemantung kahanan kepriwe kesepakatan sing wis dirembug.

Ana sing percaya nek ngisolasi aja neng rumah sakit mbok nambahi wong mriyang ketularan tambahan penyakit, ana sing mikir nek neng rumah sakit lewih aman, merga wis dipisahna sing lara infeksi karo sing ora. Ana uga sing senenge ribut aweh isyu broadcast copy paste merga pengin aweh informasi sing dikira kancane ora ngerti. Kabeh mau cara menungsa ngekspreksikna kagiatan sekuat kontrole awak uga pikirane.

Kitab agama apa bae, ngajari cara ibadah. Negara ndi bae nunjukna cara kepriwe nduwe aturan, disiplin ilmu kesehatan asia karo eropa nduwe cara bedha nangani penyakit. Pijet cara thailand, jepang, tekan indonesia uga beda, tekan cara oprasi standar luar negri karo neng indonesia mbarang bedha.

Ngertii kaya kuwe kabeh, awake dewek uga nyadar, ngadepi pandemi siji liyane ya beda beda, kaya jaman pagebluk gemiyen, wong kena cacar nganti kon minggir ndesa nyedhak kuburan ben ora nular liyane, digawekna gubuk, mung dikirim mangan, apa bae kon adoh sekang pemukiman warga.

Jaman siki ngerti penularan corona sekang mata irung uga tutuk, ya kepriwe carane alat organ kuwe aman, sawetara virus bakteri nglayang-nglayang mencrok neng panggonan sing marakna bisa urip. Mula kuwe rika padha sing nduwe standar kapan lunga lunga, kapan ngumpet, kapan priksa, kapan kumpul, kepriwe nduwe tanggungjawab ora nularna. kepriwe cara konsul uga kapan, mbiayanine kepriwe uga liyane. Kabeh mau mung cara menungsa gawe kesepakatan ben awake dewek saling njaga uga duwe rasa tanggung jawab. Cara mau banjur ditulis terus dijenengi protokol. Neng ibadah ana rukun wajib uga sunah, mula kuwe wajibe sunahe protokol mau kabeh sing digawe, manut kekuatane dewek dewek, kanggo njaga kesehatan, nek adoh sekang protokol ideal, ya kudu wani nanggung resiko, uga perlu dibantu ben standar. Merga kabeh mau ana kesepakatan sedurunge sing marakna kudu awake dewek ngembangna ben sinergi. Kelilaan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !