FAM

Mister polahe karo Sangkron, jembel wong lanang pada gojegan cekelan susu siji liyane merga anu ana benjolan neng susune Mister sing lemu. Senajan lanang dadine susune gedhe.

Sangkron banjur Takon karo Jumal sing lagi nukang neng rumah sakit dandan plafon gizi. Jere dijawab dokter kayane FAM kuwe merga jere bisa diowahna, ora lengket sekang dasar susu uga ora lara. Merga bisa bae anu benjolan neng kono merga sekel neng sisi pinggir susu.

FAM kuwe singkatan sekang Fibroadenoma mammae. Kuwe jenis benjolan abnormal (tumor) jinak sing sebabe sekang jaringan kelenjar fibrosa sekang susu sing kesumbat, biasane akeh neng wong wadon merga gedhe cilike susu sering kedaden merga siklus hormon.

Ning jarang neng wong lanang. Nek neng wong lanang biasane dudu FAM ning mung lipoma biasa utawa malah atheroma, anu benjolan merga kelenjar kringet mampet.

Benjolan abnormal sing jenis Lipoma, FAM utawa atheroma jane anu jinak uga ora perlu oprasi seringe nyiliki dewek uga ilang, miturut penelitian angger wong wadon menopause.

Sing dadi masalahe diagnosa tumor jinak apa ganas kuwe pestine nek wis ana hasil histopatologi anatomi. Sing nentukna jenis sel neng tumor kuwe anu neoplasma biasa apa Wis owah perangaine dadi ganas ( metaplasia). Mula Kabeh benjolan miturut ahli bedah ya kudu dipestikna. Carane di biopsi bisa excisi ( buang Kabeh tekan batas normal jaringan sekitar) di incisi biopsi ( jiot sepethil njero tumore) utawa mung di punksi biopsi bisa dijiot karo jarum FNAB ( fine needle aspirate biopsi).

Apamaning wong wadon sing biasane lagi kenang siklus pergantian hormon, pas meteng, pas mens, utawa ngombe pil utawa terapi hormon liyane. Susune gedhe tur nek ana benjolane FAM ya Melu gedhe. Banjur nek wis ora men ya nyiliki. Dadi kuwe Kabeh kudu dititeni, karo ciri jinak liyane mau kuwe watese teges, kenyal, dicekel mlesot kaya dir merga anu ana kapsule utawa cangkange.
Biasane angger wong wadon apa Rika pada kenang kaya kuwe ya ditawani kon oprasi. nek urung mantep ya dikon USG utawa Mammografi. Angger wis tau nyusoni utawa usia tua merga nek mamografi pemeriksaane susune diapit karo logam lempeng sing metek susu ben kempet dadi pas dironsen keton posisi pemadatane anu keton jinak apa gambaran ganas. Banjur Rika dikon biopsi apa ora ndeleng hasil karo kesepakatane Rika niate arep kepriwe nanggulangi benjolan FAM mau.

Nek Rika pada nduwe riwayat rama-biyung, kaki-nini nduwe riwayat kangker, paling apik ya dibuang. Ben mestikna benjolane ganas apa ora, tur kuwe bisa bae tuwuh maning neng sisi liyane merga kelenjar payudara kuwe ewon. Angger bakat ya siji dijiot bisa bae kapan-kapan tikil sisi lia. Dudu masalah oprasine ora kasil utawa marakna ngrasang tuwuh liyane, ning merga bakat dadi kelenjare siji liyane bisa gantian kesumbat banjur dadi FAM mau.

Urip neng jaman kaya kiye informasi cepet banget mula Rika pada selektif uga tabayun. Aja seneng keprofokasi merga diwei data neng wong liya sing rumangsa bener. Aja ngasi ndeleng duren sing kulite rigik-rigik njerone melu rigik merga Rika ora ngerti duren. Mula aja mung olih data sepihak kudu diklarifikasi mateng sing kenang akibate. Aja ngasi kepangan asimetris informasi. Jere mudeng pendidikan duwur tau dadi pimpinan ning senenge mbukak wacana ora karo takon klarifikasi karo wong sing kenang. Kaya mau wong Lanang kenang Lipoma dikira FAM padahal pada bae benjolane.

Pada bae wong ndeleng bangunan proyek utawa program mangkrak ya dikira sing gawe sing salah. Padahal bisa bae merga jebul duit sing wis dibayar, merga wonge mriyang kepepet akhire gawean ora dadi dadi. Kabeh mau ana sebab akibat, nek wong alim uga ulama kabeh data mesti digolet asbabul nuzule, dadi ora fitnah dadine, kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !