Flu

Polahe Radi karo Soleh lagi pada pileg watuk pada gantian kaya manuk saut sautan gerak-grok, sentlap-sentlop umbele merga ora singsri ning disedoti banjur dileg kaya bocah cilik.

Nek ditakoni wong liya, iya lagi kenang flu, pileg, bindeng, watuk. Biasane ngombe anget karo nggodhog godhong bidara campur serai karo jeruk nipis diwei madu sing diajari Alim cepet mari. Ning flu siki kae pada pediren ora mari -mari.

Flu utawa influenza kuwe infeksi virus sing nyerang irung, tenggorokan, uga paru-paru. Wong sing lagi kena flu bisa ngalami demam, sirah cekat cekot, pilek, irung mampet uga watuk.

Akeh wong sing ngira-ngira flu pada bae karo watuk pilek biasa (common cold). Senajan gejalane mirip, rong perkara kue disebabna neng jenis virus sing beda. Gejala flu sering lewih parah uga nyerang kanti ndadak, nek watuk pileke cenderung ringan uga kedaden bertahap.

Flu sipate nular banget apamaning pas kepethuk wong sing kenang flu neng 3-4 Dina pertama setelah penderita terinfeksi merga akumulasi viruse lagi akeh uga kegawa watuk utawa nafas sing nyemprot merga wahine, singsrine uga watuke.

Dadi wong bisa ketular flu kuwe mung merga nyedot aerosol utawa uap sing mabur sing disemprotna sekang saluran nafase wong sing kena. Utawa uga bisa pas nyekel barang sing kenang semprotane penderita banjur Rika pada tangane cluthak nyekel irunge dewek utawa ngupil, ya bakal kenang kuwe.

Merga flu kue sering tekane ndadak, nek Rika padha ndilalah nduwe asma utawa gula uga penyakit liyane bisa ndadikna kahanan dadi tambah ala, mula kuwe ya apike gagian Maring klinik utawa dokter praktek.

Flu kuwe nyerang sapa bae sing kondisi imune lagi drop, merga virus sipate urip neng makhluk hidup. Mula awake dewek kudu njaga ketahanan awak. Ndang istirahat, ngombe anget, ngonsumsi vitamin c utawa antioksidan liyane sing alami, kaya woh wohan uga empon empon sing isine Curcuma uga zat aktif antioksidan liyane. Mangan aja telat, biasane ndang mari, ora karo komplikasi.

Rika wis ngalami jaman Covid 19 sing jane anu canggahe flu. Ning Lewih kuat merga mutasi jenis virus sing bentuke kubah ( Corona), mula cara nyegahe ya padha, kayata nganggo masker, wisuh sing bersih, ngindari keramaian , aja nglayab nek awak lagi ora kepenak uga liyane.

Merga sing diantisipasi kuwe jane komplikasi merga flu, komplikasi serius, kaya paru-paru basah, gangguan jantung, meningitis, infeksi virus neng otek, apamaning neng wong meteng, sing duwe ketahanan awak lagi lemah.

Nek neng luar negri, wong wis mulai vaksin influenza taunan, dadi pada ora kenang flu selawase rentang booster vaksin sing dinggo. Siki lagi arep ana vaksin booster maning sekang pemerintah mumpung gratis uga nggo kesehatan ketahanan awake dhewek pribadi uga kanggo Nusa bangsa uga negara.

Vaksin wis digawe dituku ya dimanfaatna aja padha ngacir Wedi. Ibarate Rika pada bensin pada Munggah merga nggo keperluan mbangun bangsa , ya ngresula aja kakehen, merga negara uga wis gawe dalan, aweh vaksin, gawe fasilitas umum, nguripi ASN, uga liyane.

Nek dipikir Rega larang siki, bedha karo jaman gemiyen, gemiyen kerigan gotong royong uga liyane, urunan himpitan, urunan tenaga. Kaman siki bentuke liya, urunan tuku barang larang kanggo kepentingan bareng , kelilaan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !