GBS

Esuk mau Limun karo Edy nembe bae rasan nek kancane neng pertamanan karo neng londri, ijig ijig sesek. Jerene kaku sikil awake kaya wong kram ning lemes, banjur megap megap. Anu maune jere bar lembur nyuci sewengi merga akeh program oprasi sesar neng kamar oprasi. Dadi cuciane numpuk neng loundry.

Merga tekan gagat esuk lembur, banjur Febry turu neng gudang loundry, merga sumuk terus turu neng mlester. Esuk-esuk subuh Edy karo limun banjur menangi, kuwe bocah turu ning cengep-cengep kaya wong ngimpi rep-repan, ning digugah ora gemregah tangi. Banjur Febry digotong Limun karo Edy maring UGD, banjur diomong jere kenang GBS.

Guillain-Barré Syndrome disingkat GBS, kuwe kondisi langka sing disebabna neng sistem kekebalan awak sing nyerang sistem saraf.

Kahanan kaya kuwe marakna sarafe radang sing ndadikna wong lumpuh utawa otote lemah nek ora ndang diobati. Penyakit kuwe kelebu penyakit autoimun utawa sing nyerang kekebalan awak menungsa utamane saraf tepi , yakuwe jaringan saraf senjabane sumsum ula-ula uga utek.

Wong sing kena GBS biasane langsung ngrasakna pirang keluhan langsung sing dijenengi kumpulan gejala utawa syndrome. Kaya sulit nafas sing tambah suwe tambah abot, kesemutan kabeh otot sekang sikil tekan tangan, ilang reflek uga sikil dadi lemes. Banjur kedadean uga lara nyeri hebat neng sikil, tangan, nganti ula-ula balung geger.

Nek kebanjur bisa ngasi angel ngeleg, angel ngunyah uga ngomonge dadi pelo. Weteng dadi keganggu, weruhe kaya dobel nganti burem, kadang diawali kenang flu sing suwe.

Biasane wong sing duwe resiko kenang GBS merga umur tambah tua resikone tambah akeh kenane. Wong lanang lewih kaeh kena timbang wong wadon. Wong sing tau kena gangguan cerna uga parune infeksi, HIV AIDS, wong sing wis tau lupus erythematosus , infeksi mononuklear, Limfoma Hodgkin, wong sing bar operasi gedhe utawa sing duwe autoimun liyane.

GBS kiye bisa nyerang sapa bae merga kaya infeksi virus liyane, eipsten barr virus kiye pancen bisa nyerang kabeh makhluk sing Urip.

Neng rumah sakit, wong sing ken penyakit kaya kuwe langsung diwei infus imunoglobulin ben kekuatan kekebalan awake tambah. Ning ya pancen kadang ora berhasil merga infeksinya Llwih kuat nyerang sel jaringan organe wong sing kena.

Seliane diinfus uga diwei plasma darah sing anyar ( plasmaferesis) , tujuane ben awak pasien mau bisa gawe produksi plasma anyar.

Therapy liyane nek pasiene ora les banget banjur dilatih neng okter fisioterapi, ben latian otot otot sing lemah merga kenang penyakit kuwe, ana fisioterapi kerja, utawa fisioterapi biasa, ben kaku otot karo pembungkuse bisa lewih lentur banjur kuat maning kelebu bisa ngomong, nafas tekan ngeleg panganan.

Siki jaman musime ora mesti, udane, ketigane, adheme, pancarobane marakna menungsa uga kudu nduwe cara ngantispasi kabeh penyakit, carane Karo tetep njaga kesehatan.

Mula Rika nyong padha wis mangsane sayang awak Ben tetep bisa sehat, banjur bisa nyukuri kesehatane awake dhewek kabeh Kkro pegawean, kegiatan uga Kabeh usaha sing tujuane bisa Lewih manfaat nggo wong Lewih akeh neng ndunya kiye. Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !