GERD

Sangkron karo mister kawit esuk antob bae. Jere bar mangan sodogan slobor karo kobis campur sambel karo gorengan juwi sing dituku kholifah neng pasar Pandanarum. Banjur go guyonan neng Jumal karo Alim merga anu lagi kerja bareng neng bangunan renovasi rumah sakit.

Lagi gojegan kaya kuwe banjur krungu wong muntah muntah neng kamar mandi ngarep kamar oprasi, banjur Padha meneng. Ning Sangkron, sing pancen sok akrab banjur metu takon anu kenangapa kuwe deneng muntah, banjur kae pasiene ngomong jere kenang GERD.

GERD (Gastroesophageal Reflux Disease) kuwe penyakit mlukek sing disebabna sekang gaster utawa lambung utawa telih karo oesophagus ( saluran trowongan sekang telak tekan telih). Biasane tutuke rasane kecut karo dadane panas, nyeri, nyesek nganti muntah .

GERD kuwe jenis penyakit asam lambung sing sebabe katup utawa sfingter njero telih lemah sing neng njero kerongkongan sisi ngisor, kudune mbukak pas ana panganan mlebu, banjur nutup nek panganan wis mlebu telih.

Ning neng menungsa sing duwe penyakit GERD katupe lemah ora kuat, dadi asam lambung bisa mbalik maring nduwur sering marakna keselek, watuk, nganti muntah. Nek ora diobati, kelemahan kuwe marakna terus terusan asam lambung ora neng panggonane dadine iritasi.

Nek kedadian kronis, krasa kecut nganti pahit neng tutuk, nganti sensasi perih utawa panas terbakar neng dada utawa ulu ati.

Gejala kiye biasane tambah ndadi pas mbungkuk, turu mlumah, sewise mangan. Nek terus-terusan kadang kedaden keganggu nafas, watuk terus, nganti kenang asma, banjur suara serak, lara tenggorokan, angel turu merga sesek nganti untune gampang rusak uga nafase mambu.

Kadang angger wonge gelisah ora bisa ngontrol keluhan utawa ngomong sing bener keluhane, dokter UGD sing kurang pengalaman ngira kenang penyakit jantung, gastritis akut utawa gejala liyane sing merga infeksi organ neng njero rongga dada.

Nek lara jantung,biasane gejalane khas , nyeri ulu hati utawa nyeri dadane biasane dirasakna abot banget, njalar tekan lengen, leher, nganti rahang, uga biasane kedaden bar kegiatan fisik berat kaya bar olahraga, utawa lembur liyane.

Nek GERD biasane ora lara banget, ora njalar tekan lengen kiwe, Ning bisa uga Rika kenang GERD uga kenang lara jantung, biasane tambah priksa ekg .

Nek Rika nduwe GERD, dokter biasane aweh obat-obatan golongan antasida, h-2 receptor blockers, kaya cimetidine, famotidine, ranitidine, uga proton pump inhibitors (PPIs), kaya lansoprazole utawa omeprazole.

Kejaba obat, Rika uga gawe pola Urip sing apik, aja langsung legerengan turu bar mangan seorane 2 nganti 3 jam, banjur ora rokok kakehen. Nek turu ganjel bantal sirah karo dadane lewih duwur. Aja mangan sing marakna asam lambung munggah kaya alkohol, susu kakehen, lemak, pedes, coklat, mint,utawa kopi kakehen.

Klambi karo clana aja keseseken nyeseg weteng, trus aja kakehen mangan nek wengi.

Aja kelalen tetep waspada lur, mangsan pancaroba akeh penyakit, jaman tambah tuwa Kabeh kuman bakteri virus mutasi nyesuekna kahanan lingkungan ndunya, Rika ya Kudu tetep njaga awak, uga mental.

Aja kelalen ndang priksa angger ana gejala, aja kesuwen marakna penyakite tambah , sukur Rika pada wis ngerti upaya promotif Karo preventif dadi ora ngentongna duit nggo upaya kuratif neng kesehatan. Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !