Gombal

Iya ning ora, ora ning iya, ora merga ora bisa, ora merga sengaja, apa ora ning kepeksa, utawa ora ning ora rumangsa. Rika pada sering gela merga kelaksanan apa sing sebenere dipengini neng ati dipengini neng karep.

Nganti kuciwa banjur ngancuraken merga gela. Padahal Rika padha paham nek gela kebablasen kuwe gaweane setan merga oranana rasa welas asih utawa ngapura, sejatine Rika dewek sing salah merga ora mahami Urip kuwe Brayan, ana bedha , ana padha.

Nek esih bisa ya mestine kaya direktur esih dinggo neng pemilik, kepala bagian esih dimaklumi ora padhane, karyawan ya esih dipertahana, bojo ya padha esih diugemi, esih dilayani, esih disayangi, esih dicintai.

Akeh Babagan cara ben gawe solusi, ana cara organisasi SWOT, sing mahami kekuatane dewek apa, kelemahane dewek apa, kebutuhane dewek Karo lingkungan apa, banjur kepriwe marakna kuwe kabeh dadi lewih apik uga dewasa njalana organisasi.

Kuwe bae ora cukup, kaya tenaga spesialis dokter ora mung sekang kompetensi sekang universitas sing nglulusna, ana kolegium kompetensi, ana mitra Bestari sing bisa nilai. Semana uga neng organisasi, ora bisa mung ndeleng rumah sakite dewek wis paling apik, kudu ana data branch Mark Utawa mbandingna data Karo rumah sakit liya, Ben dewek mahami data ora mung jlegedheg kaya apa anane. Angka siji urung mesti siji, angka loro urung mesti loro, sebab neng mburine angka mesti ana etungan, anane etungan merga ana jumlah, tapi apa Rika ngerti sejatine jenthik digawe lima, mata digawe loro. Kabeh kan merga jere jere uga ujare Rika pada nafsirna.

Semana uga, ana janji janji kampanye, janji pimpinan pas orasi, Kabeh mau pancen kemecap dadi data, ning ujare Rika, ngrampungi omongan kuwe gampang? Kabeh sing neng omongan menungsa pas pidato, utawa jaman siki diwakili jempol neng tulisan wa, ora mesti padha Karo sejatine merga kuwe mung sarana komunikasi uga ana sebab musababe.

Kedadian kaya kuwe jelas Rika padha ngalami. Ana pemimpin dianggap ora menuhi janji kampanye, merga pancen sewise di teliti angel utawa ora sesuai Karo rencana strategis sing uwis di teliti. Semana uga ujarmu pempimpin gawe kebijakan uga awake dhewek? Ya ora, duit uga nggone pemerintah, rencana uga nglanjutna cita cita jaman gemiyen, pimpinan tertinggi kuwe Jane mung milih kaya neng pasar arep tuku Sega kucing ndisit apa arep tuku cawet, Kabeh Migunani.

Dadi ana pemimpin gawe jalan tol, bandara, ngaspal dalan uga liyane, kuwe nglanjutna idene dhewek Kabeh, mung ndilalah merga dadi pimpinan olih milih kudu Endi disit. Kayata siki jaman covid ora lomboan, ya rencana gemiyen tuku ventilator akhire nggo gawe ruang isolasi disit. Rumah sakit liya olih takon olih Sinau, ning anehe kadang akeh karyawan sing ora mahami ya nganggep aeng aeng pimpinane.

Karepe ngrujuk merga rumah sakite Karo karyawane urung mampu ngrawat kovid. Karyawan osle model ngono Nek nganti terus terusan ya orabisa dinggo dadi perawat merga Wedi nglawan penyakit ya mending digeser neng manajemen , sapa ngerti neng administrasi pinter.

Kedaden neng keluarga akeh banget, unit paling cilik neng kelompok masyarakat ya keluarga, senajan cilik Ning kompleks, merga ana rasa neng njero umah umah kuwe. Mulane tag line kon sakinah mawadah wa Rahmah. Ning ya kuwe, Kabeh tagline menungsa senenge mung maca, ora ngerti mahami ukara sakinah mawadah wa Rahmah.

Kedadian ribut neng rumah tangga ya merga siji liyane karep menang, ora manut aturan anane wong lanang dadi pimpinan, wong wadon ora ngerti sipate lanange kudu diopeni kepriwe, akibate sering ana pelampiasan liyane. Keluarga sing harmonis sejatine keluarga sing nyadari siji liyane angger niat mbangun bareng, ning akehe menungsa ora dewasa utawa mentok merga rumangsa sing ora bisa dilakukna pasangane jenenge gombal, padahal siji liyane mesti mikir prioritas.

Babagan keluarga, Rika pada uga bisa SWOT, uga bisa branch Mark, asal tujuane mbangun. Tapi nek tujuane pisah, Kabeh masalah bakal didadekna cara nggo lunga merga orakuat konflik ,deneng beda karo kepenginan uga angen angene, akhire Urip kudu sekarepe dhewek, kudu , meksa, uga liyane.

Ning nek niat mbangun, rika pada keblinger randha, kepencut bocah yatim, ngrayu utawa nduwe rencana merga frustasi mentok neng umah, Rika padha bakalan balik , sadar senajan bisa bae berulang merga pancen nggedhekna lara ati siji liyane. Anehe Rika pada seneng ngrampungke perkara njaluk tulung wong liya, pengacara, pengadilan, sidang. Padahal jelas pemahamane wong bakal bedha Tinimbang saling pengertian.

Jaman siki merga Urip neng jempol, nglewihi landhepe omongan sing mung bisa kerekam audio. Nek siki ana wa, ana gambar ana suara bisa neng hp, bisa dilacak, Kabeh nek ana wong niat ala manasi rika, data kuwe marakna rusake Rika merga sakit atine wong liya. Sing waspada Urip neng adaptasi anyar kaya kiye, nyabot data bisa dadi pidana, nyebar data bisa dadi pidana. Apamaning angger ana wong psikopat bipolar uga paranoid lara ati, gombalane Rika sing ora keleksanan bisa rame kaya kampanye liwat toa. Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !