Hernia

Kaki Bihin ngorong-orong kelaran karo nyekeli selakangan sisi kiwe. Jerene nembe bae bar ngangkat gabah arep diselipna, ijig ijig prekocot ana benjolan neng selakangan sisi kiwe. Maune ora lara, ning siki lara banjur wetenge kembung.

Anu sedina pamit karo Pak Sidik ora mangkat. Jebule anu arep nyelipna gabah malah sisan kena lara tedhun, turun berok. Maune jere pancen angger ngeden pancen ana benjolan neng sisi kiwe selakangan. Ning nek di cekeli trus mlebu dhewek. Mau awan mbuh kepriwe malah ora gelem mlebu.

Biasane benjolane nek digawa turu utawa dilebokna gelem mlebu weteng maning siki ora tur lara jerene.
Pak Sidik sing ngerti kabar kuwe banjur nelpun anake sing dadi ahli bedah banjur diomongi ben Kaki bihin cepet mangkat meng rumah sakit.. Liwat UGD ora susah nganggo rujukan ,merga jere kelebu kasus emergency, sing jenenge hernia inkarserata.

Banjur Kaki Bihin diterangna neng pak sidik kuwe sing dijenengi Hernia utawa turun berok utawa tedhun. Merga ususe sekang njero rongga weteng mlotrok maring lorong ( canalis ) sing maune nggo dalan pembuluh darah arteri, karo vena uga syaraf femoralis. Merga dinding sisi mburi ( posterior) anu lemah dadine luwange gampang kelebon isi usu liyane, dadi mlotrok.

Kedaden hernia kuwe ana sing sekang lair, ana sing wis maju gedhe nganti tua nembe kenang penyakit kuwe. Nek bayi wis kenang hernia ( kongenital) biasane merga pas janine tuwuh tekan bayi ora sempurna. Mula ana akeh jenis hernia ana sing neng sekat dada karo weteng ( hernia diaphragma) ana sing neng wudel ( hernia umbilicalis) uga ana hernia neng dinding weteng liyane. Kabeh mau tambane oprasi. Merga sing mriyang anatomine. Dadi carane ya nutup, ngencengna dinding sing marakna mlotrok.

Hernia liyane merga kedaden njero weteng tekanane lewih gedhe, merga watuk terus menerus, ngeden pas lairan tekan merga pas njunjung barang sing abot ning salah carane. Dadi njero wetenge tekanane dadi duwur banjur isi weteng dadi mlotrok maring luwang canalis inguinalis mau.

Kedaden sing bisa mlebu maning dijenengi hernia reponable, sing ora teyeng mlebu njero weteng maning dijenengi ireponable, merga ana sing marakna usus utawa liyane ora teyeng mlebu merga sesek.

Usus utawa organ liyane sing mlebu luwang mau ana sing kepethek dadine pembuluh darah ora lancar dijenengi inkarserata dadi marakna lara banget , kedaden kaya kuwe nek kebanjur marakna usus jebol merga pembuluh arahe ora lancar nganti kehalang cincin sing dadi lawang njaba karo njero lorong hernia mau.

Isine kantong hernia dewek sing mlotrok ya isi weteng sing ora kegantung kuat, biasane ya usus alus, omentum ,usus buntu tekan usus gedhe sing sisi ngisor. Ora bisa mbalik maning ya merga akeh sebab.

Nek neng ilmu kedokteran, ndandanine ya cepet angger ora nganti jebol herniane. Ning nek teka wis ususe bosok, akhire rawatane dadi lewih angel.

Mula rika kabeh nek nduwe apa ngerti ana kanca batir kenang hernia, cepet ditulungi ben cepet cepet priksa maring dokter bedah, banjur gelem dioprasi aja nunggu kepetek ususe macet merga kegencet neng luwang hernia mau . Siki maning ana BPJS uga biuse setengah bisa Karo ngobrol Karo doktere, ora susah Wedi nek niate nggo kesehatan, kelilaan (*)

Beri komentar :
Share Yuk !