Hipospadia

Lik Mukhlis gotek, merga nganakna sunatan masal banjur ana sing dibalikna ora sida sunat merga kudu konsul maring dokter bedah urologi. Sebabe bolongan uyuhe neng ngisor dudu neng pucukan titite bocah.

Banjur wong tuwane sing umahe adoh nelpun, komplen deneng ora sisan disunat. Banjur Lik Mukhlis ketemu kakange neng Wangon, ketemu pak Sidik. Banjur Pak Sidik dijaluki tulung nelpun putrane sing dadi dokter. Neng telpon banjur Pak Sidik diteranga apa kuwe jenenge hipospadia.

Hipospadia kue kelainan sing bolongan uyuhe bayi lanang sing ora normal. Kondisi kiye kelebon penyakit kelainan bawaan, mergakKawit lair wis ora normal kaya liyane.

Kedaden kuwe merga pas neng njero kandungan biyunge bisa uga kenang penyakit utawa kurang gizi. Dadi bolongan sing pas lair kudune neng pucukan malah mung tekan tengah saluran njero titit apa uga neng pog pogane. Nek dijorna tekan tuwa ya bakal marakna pipise ndlawer tekan endi ora, utawa angger pas ejakulasi nek kawin spermane ora mlebu bener nyemprot maring luang kandungan. Marakna angel nduwe anak.

Sunate wong hypospadia ya beda karo sunat biasa. Merga kulite arep dinggo nutup luwang sing jeneng oprasine ana pirang metode nganti pirang tahap sekang sing jenenge chordectomy nganti johansen uga liyane. Sing paham ya wong ahli bedah. Merga bolongan neng sisi ngisor titit kuwe, marakna pirang pirang kedaden kaya cipratane uyuh rembes ngisor, kulup utawa kulit mung neng nduwur titit tok, nganti babagan bentuk titite dadi melengkung ngisor.

Neng penelitian, ana bayi nduwe penyakit gawanan hypospadia merga pirang sebab sekang ibune, kayata ngandung senduwure umur 35 tahun, biyunge obesitas uga duwe penyakit diabetes, ngonsumsi hormon kehamilan, ngrokok utawa kenang pestisida pas meteng, utawa merga bayine lair prematur.

Angger bolongan titit perek karo bolongan normal liyane neng pucuk, uga ora melengkung nemen, biasane ora perlu oprasi khusus. Ning nek melengkung banget uga posisi luwange neng tengah ya kudu dioprasi lapisane njlimet siji siji. Mulane kudu dokter bedah khususe urologi karo bedah anak utawa bedah plastik, senajan dokter bedah umum ya bisa.

Kahanan kaya kuwe marakna prihatin pancen angger kabeh konangan telat. Mula angger ana bayi lair ora normal kaya liyane, sapa bae sing ngerti banjur cepet ngomongi wong tuwane ora usah isin, merga kuwe dudu kesalahane.

Nek ora duwe duit ya rembugan karo tangga teparo. Akeh wong sing esih gelem mbantu, apamaning pemerintah siki ana BPJS uga liyane. Rika pada kudu mbantu tangga teparo, merga wis dadi kajibane wong urip lung tinulung.

Kaya Lik Mukhlis senajan mung takon karo kakange bisa banjur nulung bingunge wong tuwane kenangapa anake ora sida disunat merga bolongan pipise neng ngisor. Kuwe justru nemoni dokter umum sing pinter ndilalah weruh penyakit kaya kuwe ora langsung dipotong.

Apamaning babagan titit anu mung siji, dadi senajan batal ora melu sunatan masal ning wis olih sarung , songkok, kaos karo tas uga sangune, tur slamet titite urung disunat merga kulite sisi nduwur urung dipotong. Dadi bisa nggo nutup bolongan titit sing panggonane neng ngisor, ora neng pucuk titit. Kabeh kudu disukuri merga ilmune Gusti Allah SWT akehe pol. Kelilaan. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !