Invaginasi

Kaki klungsu nembe Bae curhat wetenge mules uga kemruwuk kaya ana benjolan neng njero weteng sing mlaku, jerene kancane tau ana sing Kenang gejala usus mlebu usus, utawa invaginasi.

Kedadian invaginasi kesebut uga jeneng intususepsi kue kedaden nek salah siji bagian usus, nyelinep mlebu Maring bagian usus seteruse , merga neng njero weteng ana usus alus ( ileum ) Karo usus Gedhe ( colon ) merga gerakan sing kecepeten utawa bagian sijine kepater mbuh merga tumor, jeratan uga liyane . Kuwe kelebu kondisi gawat darurat senajan bisa dimarikna Liwat oprasi.

Invaginasi nduwe resiko nyebabna obstruksi utawa ileus merga kedaden anane sumbatan usus bisa neng wong tua uga paling sering neng bocah . Invaginasi utawa intususepsi kuwe kedadian paling umum sing marakna penyumbatan utawa obstruksi usus sekang bocah sing umure kurang sekang 3 taun.

Kondisi kiye kedaden merga salah sijine bagian usus pindah mlebu nylusup Maring bolongan usus sebelah, dadi kaya nglunthung.


Kedaden kuwe kadang bisa mbalik dewek, uga kadhan ditulung Karo disemprot Karo tehnik khusus utawa oprasi dibukak wetenge . Sebabe invaginasi umume bisa Bae kedaden neng bayi uga anak sing umure 6 Wulan teka 3 taun. Bocah Lanang pung telu Lewih rentan ngalami gangguan medis serius ketimbang wong wadon. Invaginasi uga jarang terjadi Maring individu sing usiane dewasa, senajan risiko kenang invaginasi tetep ana.

Kedaden invaginasi akehe neng mangsan adhem, merga mlakune usus Alon sisi sing urung kliwat panganan, sawetara sing wis kerja ngolah panganan Lewih cepet mlayune, akhire kaya keblondrong mlebu njero usus saluran lanjutane sing Lewih Amba, apamaning angger ana tumor utawa divertikel meckeli ( usus sing nganthong), utawa infeksi sing marakna macet ora bisa mbalikna usus mau.

Nek neng wong tua biasane kedaden merga Polip utawa tumor, utawa bekas sambungan oprasi usus liyane . Gejalane lara usus ijig ijig, banjur kaya ana benjolan neng sisi usus tengen ngisor tekan nduwur utawa sisi nduwur tekan sisi nduwur kuwa kegantung sepira usus mlebu ususe. Ana sing jenis ileocolica, ileo colo colo colica merga usus alus mlebu usus Gedhe pirang lapis. B

ar kaya kuwe biasane banjur kembung, muntah, kotoran anandarahbabang campur Ireng jakbon merga Tatu usus,
Nek ana kedaden kaya kuwe Rika padha aja kesuwen Ndang Maring UGD utawa rumah sakit trus njaluka mondok nggo waspada, merga bisa Bae bnajur butuh di USG utawa di foto ronsen, nganti dikon puasa trus dipasang slang nggo ngempesna usus sekang irung tekan dipasang slang pipis nggo ngetung cairan, banjur biasane dikonsulnaaring dokter bedah.

Jaman kaya kiye Kabeh perubahan wektu uga kebijakan oranana sing bisa mestikna, merga ndunya akeh banget menungsa, pikirane bedha , nyiasatine ya kaya Rika pada neng rumah tangga, nek bisa njaluk tulung tangga ya utang nggo bayar karyawane, nek ana pajek teka, ya nggeser anggaran sekang SPP anake sing urung mangsane bayaran, Kabeh mau gesar geser merga menungsa Urip ora ngerti ana apa ngesuk, dadi sing ana ya digasar geser.

Kelebu Rika padha sing dadi dokter bisa digaji duwur banget Karo perawat koh beda, Karo alesan kompetensi Karo pendidikan koh bisa beda Karo perawat ya merga ana kebijakan sekang direktur Karo pemilike. Rika pada sing Urip dadi PNS ya olih gaji sekang SK jasa uga liyane sing diarani renumerasi.

Lah nek dadi wong non medis apa non jasa tapi nduwe prestasi kaya sekretaris, utawa liyane ya bisa Bae olih tambahan THR merga bagi bagi tunjangan liyane, kelebu nek wong dodol ya olih bathi olih diskon. Bisane dianggep haram, halal subhat ya merga pada ora ngerti sebab musababe.

Sinau agama ya sing paham, Sinau ilmu kesehatan ya sing paham, Sinau ikhlas ya kudu Lewih Mukhsin uga liyane. Nek kurang dolan, ora susah keminter nek manuk podhang kuwe ya mung warnane kuning Ireng. Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !