Kaprah

Menungsa sering ngalami salah kaprah, salah sing akhire dianggep biasa, dianggep bener, contoh seringe angger ana wong nulis surat pribadi ngomonge kami dudu saya. Kedaden kaprah akhire jebule ora mung neng tulis tinulis, ning uga tekan neng kedadian pedinan. Ana wong wadon jaman siki makarya mandiri nganti wani karo wong lanang nglewihi kodrate, banjur nduwe karep kudu kaleksanan malah kadang urung olih ijin wong lanang uwis ndisiti karep, nek ana masalah banjur lanange kepradah.

Kedadian liya kayata siki kabeh merga bingung virus corona nganti wong mati sing merga dianggep kenang corona arep dikubur bae kangelan, sebabe apa merga salah kaprah. Wong ninggal wis dibungkus wis dilebokna pethi, wis diwei cairan desinfektan arep dikubur esih pada nolak, padahal nek wis neng njero lemah ya virus mati. Ana maning Kaya wong mbagi alkohol nggo desinfeksi menungsa disemprotna neng awak ya pada bae, merga salah kaprah, lock down nganti nutup dalan wong liya ora olih mlebu padahal bakul sayur ora kenang apa apa, wis njaga jarak uga wis nganggo masker uga. Nek kebablasen pada paranoid bisa bae moh mangan sayur moh mangan buah sekang pasar. Padahal angger sayur buah wis dicuci kudune ya bakteri virus kalis.

Lock down utawa menutup diri utawa isolasi utawa karantina kuwe jane salah siji cara sing kudune melu kearifan lokal, mulane lock down sing efektif kuwe ya jaga jarak maring wong sing tau kontak positiv korona. Jajal nek ora kepikiran ujare rika pada ora mikir tenaga medis sing awan bengi jaga uga kontak langsung bae akeh sing ora papa, rika pada sing adoh uga ora tau ketemu utawa nempel karo wong mriyang kuwe ya rabakal kena.

Misale iyaha ana wong jakarta ndilalah bali, ya cukup kon istirahat neng umah rong minggu utawa telung minggu aja klayaban ketemu liyane, njur lapor karo RT RW desa, angger ana gejala watuk pilek panas demam, uga liyane ndang maring rumah sakit, aja ditunda nganti lemes, terutama wong sing boroken, tugel balung, infeksi usus, tumor, tedhun, uga liyane sing kalebu neng emergency utawa darurat.

Dipikir sing sareh dadi menungsa aja grusa grusu, sing sareh aja salah kaprah bae, nandakna keton ilmune sepethil, mbuh ilmu pengetahuan, mbuh ilmu nggawa awak. Ana uga sing ilmune dhuwur mung bisane saling nyalahna ya padha bae salah kaprah. Akeh menungsa sing kaya kuwe, jebule duwur jabatane, pendidikane ,ning nepsune ngalahna ilmune akhire mlayune neng ego.

Kaya karyawan pinter, sregep, rajin kaya apaha nek aturan nampa gaji neng perusahaan wis ana kudu pinter carane nambah penghasilan. Bisa lembur, bisa nggawa rames didol, dodolan sabun, jus, klambi uga liyane neng kantor asal aja ngganggu pegawean, dadi merga kebutuhan karo ego mulane menungsa uga dadi salah kaprah . Akeh wong wadon salah kaprah, merga duite kurang senenge tuku barang, usaha dewek ning utang, akhire ana tanah bangunan dituku karo jenenge dhewek, njur sing lanang kepradah nyauri. Kedadian kaya kuwe merga nepsu, pengin urip lewih ning ora ngaca sepira kekuatane. Mayuh mulai maning sinau ati, sinau pikir, sinau tindakan neng tengah bebendu pageblug corona, jaga jarak uga waspada, aja salah kaprah. Kelilan. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !