Keblinger

Babagan apa bae rika wis ndopok karo kanca batir lur, wis kerealisasi apa urung neng sejerone kahanan mangsan pandemi sing durung ana juntrungane kapan rampung. Akeh menungsa ngrencanakna kae kiye kadang kejiret kahanan liyane sing ketone lewih bakal mulyakna, banjur keblinger karo tujuan utamane. Kabeh banjur pengin kecekel merga saben ketemu banjur ndopokan pengin digabungna kabeh, padahal menungsa siji liyane bae nduwe angenan beda beda, akhire kudu mulai sekang anyar maning banjur kaya dadi wong wadon meteng gari mbabare, esih golet dukun bayi Utawa dokter kandungan kapan neng ndi. Akhire kelabakan ngempet lair bakal neng ndi.

Menungsa ana sing teteg mlaku ngrampungi gawe, ana sing bingung mulai gawe, ana sing nyrandu gawe, ana sing ora percayanan, ana sing nyawang, ana sing tumindak, ana sing karo pedoman ana sing sekepenake, ana sing nyepelekna kanca, ana sing minderan, ana sing makelaran, ana sing karo kuasane, ana karo duite, ana karo keterbatasane, ana karo kekurangane, ana karo kelewihane, ana sing dimanfaatna ana sing manfaatna, ana sing jujur, ana sing nglombo, ana saingan ana kerjasama.

Kedadian siji liyane kahanan hasil kerja uga dipengaruhi tetege niat, kuate nglaksanakna, karo wektu sing dicukupna. Menungsa sing niat, kadang wektu esih kurang bae kanggo ndadikna niate uga kadang lewih lewih wektu merga cepet anggone ngerjakna gawean. Semana uga kewalikane wong sing ora niat ana bae alasan kanggo nyepetna gawean, isine ngulur wektu uga gawe alasan liyane ben tugase dilalikna. Kahanan kaya kuwe sering marakna pegawean ora kecekel targete merga ora fokus njalana niate.

Ana sipat menungsa liyane sing nek diwei wewenang bisa nglewihi apa sing dikarepna atasane, marakna urusan proyek uga liyane sering ora lapor karo atasan sing tanggungjawab, akibate nek konangan bisa bae dipecat, dipindah, dijorna utawa liyane tergantung kebijakane atasan. Akeh atasan wis aweh petunjuk esih sering disepelekna, akhire kabeh tujuan sing wis ditarget ora tau rampung.

Kahanan kaya kuwe sering banget sering kedaden merga kadang kalimat sing diwehna atasan ora langsung dikerjakna tapi sering dipikir maning padahal wis gamblang. Persis kaya crita-crita neng agama uga kitab liyane, akeh menungsa sering nduwe pikiran dewek padahal perintah neng kitab wis jelas, kon ngibadah, kon sholeh ben bisa dadi manfaat kanggo semesta alam. Rika pada mestine krasa kapan tau nglanggar printah atasan, printah organisasi, printah wong tua nganti printah agama. Nek ora keblinger ya pancen niat nglawan utawa ora paham maksud printahe merga ora ngepasi karo atine.

Mayuh rika pada nyong pada neng ndunya mestia keblinger, gagian mbalik karo aturan normatif utawa gawea aturan sing disepakati bareng, ben urusan awake dewek karo lingkungan bisa cepet lancar, ana gunane, ana hasile sing bisa manfaat kanggo lingkungane dewek. Rika pada banjur disenengi kanca, disenengi atasan disenengi bawahan, disenengi lingkungan. Kelilaaan.

Beri komentar :
Share Yuk !