Kidung

Menungsa neng ndunya ana bae cara nglairna isi pikiran uga rasa. Ana sing neng gambar, ana neng ular ular, ana neng syair tekan kidung. Lelagune menungsa kabeh banjur diejawantahna neng simbol, neng bangunan, neng candi, neng dalan, tekan neng cara kerja , prosedur uga liyane.

Mula rika pada kumpul karo wong menungsa liya sing pada maksude, dadi nyanyian, dadi harnoni senajan suara asale alat musike beda ning bisa madakma nada gitar , piano, drum, tekan suling tergantung jenis musik.

Musik tambah akeh alate banjur butuh bareng bareng ana pemimpine sing marakna orkestra apik monine, ning angger nadane pada, nek ora pada siji bae monine dadi ora pas, kedadian orkestra sing profesiomal ya kudu bisa disiplin anggota grupe. Mergo paham aba aba kondaktere, ora sekarepe dhewek. Semana uga penayagan gamelan, mesti bareng bareng madakma nada .
Semana uga neng kantor, neng organisasi neng masyarakat, angger ana komponen pegawe, kompomen pejabat uga liyane ora paham aturan , ngerti aturan Ning ora njalana, akibate gawean mbandil ora pada saling nutupi gawean, ora bisa brayan, ora srawung akhire ora kompak mambengi kebijakan pimpinane. Mulane neng kepresidenan , ana rhesufle kabinet, ana geseran kepala dinas, uga liyane.

Kabeh geseran gawean kabeh merga keperluan organisasi ben mlayune cepet sing pada pikiran strategi mlayu. Kabeh mau wis biasanya, orasusah sakit ati, orasusah pada dendam, merga urip neng ndunya mung nglakoni brayan, keperluan cara pada apa ora, mulane ana suku, agama, negara uga bangsa.

Ana cara pikir ideologi agama, sosialis, komunis tekan Pancasila uga liyane, kabeh mau marga aturan kesepakatan, nek uwis ora sepakat akhire pada pisah.
Kewan beda jeneng beda kelakuane, menungsa beda pikiran ya beda kelakuan nganti cara mikir, kabeh mau merga menungsa cara ndeleng karo indra. ati uga pikir beda beda. Babagan pengetahuan, relasi uga liyane ya pada bae. Wong sing seneng nulung bakal ditulung, wong seneng nlikung ya bakal kecemplung.

Nek sportif kabeh mau banjur ana ukara, wong nandur bakal ngunduh.
Kedadian menungsa angger ora sombong, kabeh perkara bakal bisa dirampungna kanthi apik, ning nek ora nganti sadar kesalahan, menungsa bakal usaha nutupi kesalahan, kondisi ora sportif kaya kuwe banjur menungsa nemukna kidung regejegan nganti pada pathine kaya ta crita neng mburine huruf Jawa ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa da ja ya nya, ma ga ba tha nga.

Rika pada kayane wis paham kenangapa menungsa wis diwei kitab agama esih nggolet uga nggawe kitab liyane, kitab kedokteran, kitab hukum, kitab ekonomi uga liyane, merga majuning jaman akal pikiran menungsa uga makhluk liya kuwe berubah tambah berkembang , melu perkembangan peradaban.
Mayuh siki gawe crita uga kidung sing apik neng alam ndunya, gawe aturan sing marakna brayane penak, gawe kidung sing apik bisa dirasakna bareng.

Jejodohan lanang wadon ngerti tanggungjawabe, sesenengan ngerti watese, karyawan ngerti aturane, kanca ngerti kekurangane banjur nambal sing kurang, kuwe mau banjur sistem mlaku apik sportif, wong nyolu karo kerja ora karo crita. Kerja ana bukti nyata hasile awake dhewek, gari mutune standar awake dhewek, lingkungan, nganti tekan bangsa negara liya pada apa ora. Mulane mayuh lur, kemutan maning, urip brayan organisasi ya pahan kesepakatane, urip kerjasama ya paham kesepakarane. Nek wis bisa sinergi, mlayune organisasi bisa kenceng kanggo nyejahterakna anggotane. Aja ngasi dadi anggota malah nyrimpeti mlakune organisasi terus, mesti bakal marakna organisasi oleng. Kelilaan (*)

Beri komentar :
Share Yuk !