Kompeten

Nyong arep nulis kompeten karo basa jawa artine ‘Cekap’, rasane malah angel dingerteni rika nyong padha genah wong siki akulturasi bahasa wis jamane, bebas sing penting bisa dingerteni karo lawan ngobrol ya wis dianggep menuhi keperluan komunikasi. Kompetensi sing dimaksud yakuwe ketrampilan sing diperlokna wong sing ditidokna neng pedinan ngepasi kemampuane neng pegaweane dhewek dhewek.

Menungsa lali jane kompeten kuwe wis diajari neng gusti Allah liwat polah ndina ndinane. Ana kethek ya pinter glantungan, ana kucing nguber tikus, kuntul mabur nyucruk iwak, uga kewan liyane. Menungsa bocah kawit nangis, bisa mlaku kabeh mau latian, nganti bisa maca tulis, mbojo, kerja.

Kuwe nunjukna nek menungsa ben bisa kompeten kudu ajar, sinau uga latian. Kabeh kedadian sing dialami neng kedadian sing disinauni kuwe ndadikna awake dhewek kabeh ngerti uga paham apa sing dadi ketrampilan uga keahliane dhewek dhewek, banjur dilakokna ndadikna apa sing diarani amanah.

Siki, Rika pada ngaku kompeten dadi apa bae, jebul kerja kudu diprentah, kudu diawasi, kudu diomehi atasan, nandakna rika pada nek ora males, jane ya ora kompeten. Akeh menungsa ngerjakna pegawean mung nguthu sing penting kuwe kuwe bae, dadi nek ana masalah ya mentok, nganti embuh oranana rerampungane tekan endi. Akeh wong mung kepengin kabeh dicekel ning nek wis dipasrahi gawean ora rampung.

Akhire senenge nuntut uga mubah wektu nggo ngobrol. Akeh kedadiane neng kantor kantor, apa maning anger dijuluki dadi kepala senenge ya mung prentah ngisoran, ora aweh petunjuk, angger mentok diomehi, angger ana gaweane anak buah sing apik wedi kesaing, diumpetna, marakna gawean mandek, monoton. Saklek bingungan tur ora kreatif nek mentok. Rika pada sering nemoni kondisi kaya kuwe mestine.

Mayuh lur, mulai introspeksi, nek krasa ora teyeng ya sing pada jujur, njur kemutan bae kepriwe babagan dasar sing kudu diugemi, nek wis bisa ngaca karo awake dhewek kuwe kunci maju sebenere.

Arep kerja apa bae kudu cekelan ilmune, aja mung jere jere, waca buku, waca at ur an, nyonto sing wis Ana, takon karo sing mudeng, aja sembarang nyimpulna, aja puas karo kahanan sing urung mesthi bener karo majuning jaman. Rika pada siki mangsane kebuka kudu kerjasama, brayan ngrantasi gawean bareng, apamaning nek rumangsa dadi wong cilik.

Sing wis krasa dadi pejabat karo atasan, aja rumangsa duwur banget, apamaning angger pengalaman karo ilmune mung lokalan, akhire kaya kodok neng ngisor bathok, mung bisa dadi jago kandang. Nganti mutusi masalah sepele bae bisa oranana juntrunge. Mayuh ningkatna kepinteran uga kompetensi ngepasi profesi utawa pegaweane dhewek dhewek, Rika bisa ningkatna mutu karo alat uga tekhnologi jaman siki. Kaya wartawan jaman mbiyen nulis karo steno, siki mung ngomong tok bae wis bisa dadi tulisan. Mangga makarya.. Kelilaan. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !