Lathi

Ajining diri saka lathi, sing rika krungu lagi viral terkenal nggo nada dering hp bocah jaman siki, nandakna kabeh menungsa sapa bae bisa ngrungokna, bisa ngomongna balik, bisa ngajari, maraih, nganti ngulang apa sing diucapna liyane senajan ora paham apa artine. Padakaya wong nyanyi bisa nglagukna bisa nembangna ning ora paham isine lagu, maksude apa, maknane apa ngertine apik, kedaden kaya kuwe ya pancen ana neng menungsa ngalam ndunya, akhire sering melu ngomong apa sing dudu kepinterane, apa sing dadi kompetensine, sing marakna senajan duwur drajate, duwur pendidikane esih urung bisa dipanuti.

Kabeh mau sing ndiarani mutu.

Wong nduwe aji sekang ilat, maksude nek asal ngomong asal, menungso liyane bakal ora ngajeni senajan guyonan tapi nglombo, ngomong uwis jebule durung uga liyane.

Kedadian kayakuwe bisa nyilakani kabeh menungsa merga mung liat. Nek neng bebasan ilmu basa Indonesia, ular ular ajining diri saka lathi meh pada ukara, mulutmu harimaumu.

Bawahan ngomong wis rembugan karo liyane jebule durung, surat wis disampeke ngakune urung nampa.
Aweh duit 10 juta jebule diwehna 5 juta, urung nyapu ngomong wis disapu, tugel lengen kiwa domongna kiri, mbelok nengen jebule ngiwa, ngomong nduwur jebule nengisor, ngomong tresna ning ora gelem ngalah, berkorban, uga liyane.
Kahanan liya kaya kuwe, marakna ndadikaken ora pas pimpinan gawe keputusan, gawe pertimbangan, gawe tugas liyane nglanjutna data sing domongna.

Menungsa sing sering nindakna kaya kuwe banjur domong neng kancane lamis, cidra, nek kenang penyakit ya pikun, disorientasi , uga liyane. Gemantung kahanan, biasane menungsa kaya kuwe mesti kakehen masalah uga esih nolak kahanan awake dewek, ora bersyukur utara pancen wateke ala, utara ora percaya diri karo kahanan lahir bathin, merga ora bisa introspeksi kekurangan awake dewek.

Kaya bocah cilik, merga wedi domeih rama biyunge jajan es, akhire nglombo ora jajan, males sikatan akhire mung ngumur odol.

Wis mangan marga weruh jajan enak ngomong durung, kahanan kaya kuwe bisa ndadikna watek goroh angger keterusan. Nek dadi karyawan bisa nglombo atasane, akeh vitamin ngomonge entong ben vaksine payu, nglombone akhire ora mandeg, ora krasa salahe, akhire golet cara njatuhna kanca liya gawe isu nglaporna kanca liyane, kabeh mau merga lathi sing ora dijaga.

Menungsa kaya kuwe biasane merga ora teteg nembung perwira, golet duit karo nglombo akhire ora berkah kaya sing wis diajarna neng nabi uga rasul apamaning kitabe Allah, senajan dadi kyai dadi guru dadi dokter, dadi pengacara, dadi pejabat, dadi perawat, tetep bae golet harta benda karo cara sing ora jentel, ora bisa rembugan terbuka, uga liyane.

Rika pada siki mulai paham nek jebule akeh menungsa bathire dewek sing lamis, ora tau ngaca mutune awake dhewek karo ngaca, intropeksi kekuatan nganti mutu ne dewek dewek, akhire nglombo kelalen kuwe sadar ora sadar nyidrani awake dewek uga kanca cedheke dewek. Mula siki nek rika pada wis ngaku salah angger ora pengin diarani wong kelainan jiwa ya pada introspeksi angger ora dipercaya jabatan, mulai nggawe kebecikan bareng brayan waras, brayan mulya rahmatan lil alamin, senajan mung njaga lisan.

Biasane jere agama, jere crita nabi, akeh kedadian neng neraka wong wadon padha ngiris ilate dhewek dhewek, merga neng uripe pada seneng nggunakna lathi nggo ngrasani wong liya, nggo ngomeih lanange, nggo nglombo anak, uga ngrayu. Kuwe nek wong lanang ngasi lamis uga nglombo nek nganti kaya neng neraka ya wis kaya wong wadon sing nggunakna lathi kanti ora bener, ora jentel marakna ora nduwe aji. Mangga dipenggalih, aja diulangi ulangi nglombo nggo medeni utawa ningkatna pamor, ora suwe bakal konangan, angger ora nduwe aji niaga lathi. Kelilaan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !