Lumpuh

Wis ngopi, ngeteh apa ngombe liyane rika pada lur? Ngayahi tugas makarya golet berkah ndunya nggo nafkahi keluarga utawa awake dhewek wis dadi fitrahe menungsa semebar golet rejeki karo pakaryan. Ana sing modal mripat goli kerja ngawasi wong kerja neng pabrik. Ana sing modale ngendikan karo tutuke ngajari murid utawa santrine, utawa dadi sinden uga pranatacara alias Master of Ceremony, uga liyane. Ana sing mruput karo samparane ngothel pedhal nggawa penumpang maring Pasar wage sekang Sokaraja nggawa kripik, ana sing esih ngetik karo tangane nulis berita.

Kabeh mau ora bisa mung kerja karo mata, karo tutuk, karo lengen, karo sikil thok. Senajan mandori tukang uga buruh karo menthelengi ning butuh sikil nggo mlaku, butuh tangan nggo nunjuk utawa nyekel absen, uga liya-liyane. Kabeh mau nek ora nana kerjasama siji liyane organ tubuh sing prentah, mestine ora bakal kedadian harmoni gerak sing diperlukna kanggo makarya. Neng ilmu kedokteran, sing jenenge ora koordinasi biasane merga gangguan saraf, mergane sarafe rusak dadi lumpuh organ sing dialiri sinyal koordinasine.

Lumpuhe saraf mata bisa marakna ora bisa weruh, lumpuhe saraf wajah bisa marakna ora bisa ngrenyitna bathuk, perot, nganti lambene nglemprak separo. Lumpuhe saraf sing nuju anggota gerak ya bisa marakna keplene lengen utawa sikil. Saraf bisa ora fungsi merga sebab tekanan, merga tugel, utawa merga ora kenang aliran darah sing suwe.

Sebabe akeh merga sekang kawit lair (Kongenital) kaya penyakit Hirsprung sing marakna bayi duwe silit ning angel ngisinge kawit klekar, nek ora ngising warna ijo sedina, njur didulep mancrot nek ditarik dulepane. Saraf neng kono pancen ora tekan nggone usus gedhe sing marakna lumpuhe sebagian usus sing ora kelewatan Saraf.

Kedadian liyane lumpuh merga infeksi, bisa merga bakteri, virus utawa jamur. Kedadian sing nyata merga penyakit kuwe ya lumpuh merga virus Polio, ana maning Guillenbarre Syndrome, uga penyakit radang saraf liyane. Kedadian lumpuh kuwe sering bisa dicegah karo imunisasi.

Seliane kahanan loro neng nduwur sing marakna lumpuh merga trauma, bisa merga balung tugel sing sarafe melu tugel merga nempel neng balung utawa ancur merga kegiles ban trek. Utawa kepenclas arit pas ramban utawa repek. Saraf tugel kepenclas angel didandani merga sifate sing irreversible utawa ora bisa mbalik kaya semula ora kaya kulit, otot, balung, pembuluh darah sing esih bisa disambung utawa nutup dewek merga sunatullahe.

Kahanan liyane merga kondisi saraf kangelan olih oksigen karo panganan sekang aliran darah merga tekanan tumor, tekanan njero rongga sirah, kesumbat aliran darahe merga kolestrol utawa zat njendel liyane. Sing sering dijenengi rika pada Stroke. Kabeh kedadian kurange pasokan oksigen maring saraf nyebabna saraf karo organ sing disarafi dadi lumpuh. Kahanan lumpuh kuwe sing marakna kualitas uripe menungsa anjlog, sering marakna wong dadi patah semangat.

Rika pada mesti ngerti apa sing diarani difabel, nah wong lumpuh kuwe klebu apa sing jenenge tuna daksa. Rika pada mesti ora ngira akeh wong lumpuh bisa gawe prestasi senajan kondisi fisike ora pada karo awake dhewek kepriwe perjuangane nganti bisa aktivitas nganti mandiri.

Perjuangane menungsa sing lumpuh nganti bisa mandiri patut diacungi jempol, jelas wonge nduwe semangat gedhe mulai nrima kahanan nganti bisa bergerak, Ora mung perjuangan fisik ning uga perjuangan bathin. Semangate wong lumpuh kuwe kudu didadikna contoh semangat kanggo rika padha sing nembe krasa lumpuh ekonomine merga bangkrut, merga lumpuh bar pegatan karo pasangane, lumpuh batine bar dinggal ninggal neng sanak-kadang bapa biyunge utawa liyane. Sewise lumpuh kudu ana cara anyar kanggo ngadhepi urip nengn dunya. Ora bisa mlaku karo sikil ana kursi roda, ora bisa nyekel karo tangan tengen ana tangan kiwe. Aja nyalahna kahanan, mayuh rika padha tangi, gemregah gawe pakaryan sing apik, brayan urip neng ndunya kanggo sangu akhirat. (*)

 

Beri komentar :
Share Yuk !

Tinggalkan komentar