Lumrah

Esih kemutan wulang filasafat jaman SMA ganu. Ana guru sing ngendikan kesalahan sing dilakukna bareng-bareng kuwe ya kebeneran. Nek dileg mentah- mentah ya nyong rika pada nganggep ukara kaya kuwe mesti kemeton sekang wong sing ora mikir tuntas. Ning nek dipikir bener, jebule ana ayat neng kitab sing nyebutna wong apik karo wong apik, wong ala karo wong ala.

Siki rika pada dadi kemutan uga apa sing dimaksud ukara “lain lubuk lain belalang” jebule menungsa neng panggonan siji liyane karepe beda beda.

Kemutan ukara judul lumrah, rika pada ya ngerti nek urip kuwe ana pakem adat istiadat. Kebiasaan sing tatanan pedinane nek neng basa Indonesia banjur diukarakna ukuran Normatif. Ukuran lumrah panggonan siji liyane pancen beda.

Mulane nek rika pada urip neng Indonesia ya poligami dianggep ora lumrah, kejaba neng komunitas utawa lingkungan agama sing kenthel. Semana uga rika pada udud neng jero rumah sakit ya dianggep ora lumrah. Ning nek njero tempat hiburan, bisa bae rika sing ora udud malah domong ora lumrah.

Lumrahe rika pada kerja makarya neng ndi bae ya kudu komunikasi uga koordinasi karo atasan. Ora kena genjlap-genjlup sekepenake dhewek. Nek kerja neng lembaga utawa organisasi koh sekepenake dhewek ora gelem koordinasi jelas ora duwe rasa lumrah babar blas. Ditakoni atasan laporan bingung, ora diwei tugas bingung, kakehen ide ora duwe cara ngrantasi, ora dijak gela, dijak karepe cepet.

Menungsa sing ora konsisten, nek dianalisa psikologi ilmiah ya jelas nduwe kelainan uga ora lumrah, pikirane ora bisa ngikuti ukuran lumrah, apamaning nek dipeloni, kabeh dadi ora lumrah. Kedadian kaya kuwe marakna kabeh gawean bubrah, ora duwe tanggung jawab, nek iyaha ya ora duwe standar.

Wong wong sing ora lumrah kebangeten akhire lumrahe neng rumah sakit jiwa utawa kudu kontrol karo ahli jiwa. Wong-wong sing lumrahe apik ya bakale seneng uga urip lumrah karo wong bener, ora perlu koar-koar nggaya nek kebecikane kudu dingerteni liyane.

Merga wong apik kuwe ya lumrahe nindakna gawean becik. Nek wong ora apik nindakna kebecikan kaya ora lumrah apike, mulane sering koar koar wis gawe kebecikan apa bae, padahal kanca bathir wis biasa tumindak kebecikan. Kelilaan. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !