Milih Milah


Rika esih diwei wektu kanggo urip ben bisa nyinauni ilmune Gusti Allah sing kabeh tujuane ibadah. Ana sing mbojo sinau urip karo pasangan uga anak bojo, ana sing seneng organisasi dadi kudu gelem golet dalan nek ana perkara merga keperluan wong akeh, banjur ana keputusan, ana strategi, ana cara mbagi keadilan, ana kebijakan, uga ana cara nguji loyalitas siji liyane. Ning genah menungsa wong sing uwis diwajibna neng aturan agama bae dilanggar apamaning aturan sing digawe menungsa.
Anane kedaden perkara menungsa siji liyane menungsa sing beda, mulane menungsa banjur duwe pilihan dewek arep kepriwe mutusi perkara, nggawe dalan sing apik ben perkarane tuntas. Mulane banjur neng hukum normatif neng pengadilan sedurunge diatur ngliwati sidang sidang mesti ana sidang mediasi, ben istilahe rembugan disit, merga menungsa nduwe sipat ngapurani. Menungsa ya pancen panggonan kesalahan merga ana babagan keapikan sing pancen nduwe standard. Standar pergaulan ya unggah ungguh, standar pimpinan bawahan ya loyalitas karo etos kerja, dudu pilih kasih.
Ning nek menungsa nduwe watek ya pancen nek wis ora seneng banjur ora gelem brayan, biasane wong wadon sing duwe watek kaya kuwe, utawa wong lanang sing hormon wadone lewih dominan neng babagan emosi.
Perkara milih uga milah, angger wong sing nduwe pikiran uga ati sing temata, biasane wis ngerti resikone milih, kaya ta milih bojo, jebul tambah suwe konangan nduwe watek ala tur ora gelem dibenerna, senajan gela bakal bisa milah ndi sing sejane emosi, uga ndi sing pancen watek sing sejane dadi merga lingkungan. Wong wadon sing biasa utang ya uripe gemrungsung nyalahna lanange ko ora sugih kaya liyane, bisa ngasi tuku barang utang ora ngomong lanangane ndisit, alasane ben ditukokna, banjur nek lanange bali ora ngerti apaha ditagih debt colector, babagan kuwe pancen wis kedaden kawit menungsa neng surga, merga sayange maring Ibu Hawa, Rama Adam nganti wani ngemet woh khuldi. Kelalen nek Allah ngendika nglarang. Kuwe wektu semeno Rama Adam ora bisa milah banjur milih keputusan sing salah, semana uga Rika padha, nek kedadian salah milah akhire pilihane salah
Milih kuwe Das Sollen , nek milah kuwe Das Sein, babagan menungsa urip bakal ngalami kedadian kaya kuwe. Urip sejane mung muter babagan kaya kuwe, ngantarani harapan karo kasunyatan, ngantarani idealita uga realita. Sukses utawa gagal mung konsekuensi thok sekang pilihan dan pilahan.
Milah milih biasane dilakoni menungsa sing mikir wadhage thok, banjur wedi, ora bergerak, wedi mutusi apamaning konsultasi, semana uga ana sing banjur kemaken nglewihi kasunyatan kompetensi. Akhire sering ngadepi masalah banjur mundur ora golet solusi, mutung utawa nyalahna wong liya. Sawetara milih milah kuwe biasane menungsa sing wis mapan pikirane dadi pimpinan, dadi kyai, sing wis mudeng dalan thariqat. Milih ndipit, banjur milahi merga duwe sabar uga bisa nyempurnakna pilihan. Mula mayuh rika pada mulai njembarna pikiran uga ati, ngaca potensi uga kekuatan awake dhewek ben bisa milih banjur milah milah masalah ben nyempurnakna. Klilan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !