Mubeng

Angger dalan macet neng ndi bae ya mubeng, kaya wis dicontohna neng alam ndunya, banyu kepepet ya luber. Tapi angger ana dalan sing lewih endep banyu mesti liwat ngonoh. Urip nyetir neng ndalan ya kaya kuwe. Angger kendaraan gedhe mampet ya ora bisa mingser-mingser bedane karo motor bisa sar-ser slundap slundup liwat dalan tikus.

Siki menungsa uga ngalami kedadian mampet, wong sing aspirasine ora lancar banjur luber neng ndalan. Neng Kono nembe konangan wonge aspirasine murni apik apa ora. Aspirasi kuwe jane ya kebutuhan, merga kaya mata dewek dilindungi balung mata, paru jantung dilindungi balung dada, dalan banyu dilindungi balung panggul.

Semana uga menungsa nyampekna unek-uneke Karo Gusti Allah karo donga, nek karo pada menungsa ana normatif undang undang utawa aturan liyane. Nah kuwe biasane sing menang sing kuwat sing sugih sing bisa menangna aturan, merga siki Kabeh nganggo duit. Menungsa hajate wis dudu ideologis maning ning duit. Nek perlu keyakinan be didol ben bisa mangan, kepriwe maning.

Akhire aturan menungsa wis ora maning sapa sing pada warnane sapa sing pada bangsane menang angger duwe pepenginan, merga wakile pada ora mudeng kudu merjuangna rakyate, gawe aturan disogok, nembe kemutan mburine nyesel jebule dilomboni wong sing duwe duit.

Tanah air ibu Pertiwi didol sapa bae sing duwe duit adidasar era globalisasi, kabeh wong ndunya ndi bae olih Urip neng ndi bae. Sayange ora Kabeh wong luar niate urip bareng apik neng negarane dewek sing wis tentrem. Awake dewek dijargoni kon cinta Bhineka Tunggal Ikka, nyatane malah dilomboni ora sadar, sing sithik kudu dilindungi ning jebule sing akeh di ogrok ogrok kon meneng.

Wis kadung wedi, wis kadung mumet wis kadung bingung, akhire muter muter kepriwe nutupi kesalahan dhewek.

Kepriwe carane digawe abu abu ben ora bisa duwe kesempatan. Arep demo dianggep makar, arep urun rembuk dikira fitnah. Ndunya kewolak walik. Akhire rika pada inyong kabeh isine muter, golet Slamet.

Sedulur, urung kebanjiran. Pada eling, hartane dewek nggo warisan anak putu aja kelalen dicekeli. Sadhumuk bathuk sanyali bhumi. Kudu diuri-uri, mangan sing penting cukup ora susah pada melu foya foya. Kelilaan. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !

Tinggalkan komentar