Ndekem

Sehat kung, rika pada mesti bendina maca uga ngomongna Covid19, jeneng penyakit sing sekang virus corona sing kit ganu wis ana, ning merga muncul tambah kuat neng taun 2019 njur dijenengi bontotan siki 2019. Jebule Seliyane kewan menungsa wit-witan uga udara siki kabeh owah kekuatane, owah bentuke, owah pendinane , owah cara kerjane, owah cara nyerange.

Menungsa sekang cara golet pangan nganti cara ngising kit ganu ya owah melu perkembangan jaman. Ganu dhuwur banget, kewan gedhe-gedhe, wit-witan ya dhuwur-dhuwer, semut, coro manuk liyane kabeh raksasa uga mangan siji liyane, ning nek mati ya dipangan tengu cilik ora keton banjur mbalik diurai dari tanah.

Sunatullah kaya kuwe wis digarisna neng gusti Allah ben rika pada kon mikir gedhene kuasaning Gusti Allah, nek sing beriman. Nek ora beriman kabeh kayakuwe banjur dipikir njlimet oranana usaha, bingung tur ora bisa gawe solusi, isine nyalahna wong liya, pimpinane dhewek njur kabeh dipolitisir.

Semana uga kedaden wabah pandemi siki. Kit ganu ana kholera, ana meningitis, flu burung, ebola, campak, cacar, typus, kusta uga liyane, kabeh kedaden melu karo kondisi persiapam uga strategi kebijakan sing dipikir bareng. Angele siki wong ngomong ora sekang cangkem, ning sekang jempol uga.

Kedadian neng ndi bae kudu ngaca kahanan sekitar neng lingkungane dewek. Rika pada ngerti cara urip neng kota beda cara urip neng ndesa, ning rika pada ngerti sebabe winih woh wohan, winih kembang, winih perdu uga liyane nyebar merga ana manuk mabur, ana angin, ana kupu, ana tawon, ana lemud, ana laler. Goli mikir nyebare brita karo penyakit ya pada bae, nek penyakite kuwe infeksi sing bisa nular.

Neng ilmu kedokteran, ana telu penyebab sing marakna infeksi yakuwe jamur, bakteri, karo virus. Jamur dipateni karo anti jamur, ning ana jamur sing ora mati diwei obate, semana uga bakteri, matine merga antibiotik , nek ora mempan antibiotik maning jenenge resisten. Sijine infeksi merga virus bisane dilawan karo kekebalan tubuh bisa asli sekang awak utawa sekang vaksin sing asline virus sing dilemahna.

Ngadepi infeksi sekang njero awak, awake dewek nduwe sel imun karo sel darah sing bakal nglawan mandegani perang ana sing jeneng lekosit nganti limfosit. Sel kuwe ana neng darah tekan neng kelenjar getah bening, diproduksi dewek neng awak. Jumlahe akeh angger ana infeksi, tambah akeh jumlahe berarti infeksine tambah abot. Nek infeksine tambah abot akhire tentara ya kalah banjur limfosit uga lekosit mengkeret dadi sithik njur kabeh sel ora kuwat nglawan banjur mati. Ana maning sing marakna jenis sel liyane pecah merga rapuh yakuwe trombosit, kaya wong sing kena virus dengue.

Mulane menungsa kit mbiyen ngerti cara nglindungi diri, mulane ngumpet neng wit duwur, neng guwa, nganti gawe umah. Semana uga merga musuhe penyakit cilik sing uripe neng tanah, neng udara kotor, neng banyu kotor, liyane ya kudu ana cara. Kaya awake dewek ketemu macan neng ndalan arep mlayu apa arep nglawan.

Semana uga rika pada siki ngadepi corona jaman 2019 kiye. Sing duwe alat lengkap ya pemrentahe bisa gawe usaha macem macem. Usaha menungsa dilawana penyakit sing ora keton merga wong mabur ngendi bae ya bakal kewalahan.

Gawe isolasi tekan apa bae nek kondisine drop ya akhire tekan titik sing paling akhir akhire kudu ngaca bisane dewek kepriwe ngadepi virus. Ora usah nyalahna pemerintah wis mumet kepriwe carane, ya isolasi dhewek, ndekem, mangan ayem, tentrem. Jaga jempolmu, ben pada ora panik. tingkatna ketahanan tubuhe rika ben ora ketular, mangan sing bergizi. Klilan. (*)

 

Beri komentar :
Share Yuk !