Ngeyel

Menungsa siki nek ora duwe cekelan tatakrama utawa aturan sing normatif nyesuekna lingkungan apamaning ora didasari karo ngilmu, isine mung kandhah dopokan ora juntrung senenge mbuang wektu. Angger dijak ngomong manfaat jerene spaneng temen apa-apa serius, ora gelem gojegan. Jane ana guyon maton sing terarah ora ngentongna wektu, tapi dasare menungsa sering ngabaikna nek sering ngomong gojegan ora perlu bakal ora manfaat.

Kawit gemiyen crita ngeyel pancen wis ditulis neng kitab-kitab, kabeh ajaran sing bener pancen ditentang ora mung omongan ning uga tindakan. Pancen bener akeh pendapat nek karo dasar ilmu duwur ora jere-jere uga karo pikiran apik, ngobrol, kumpulan, musyawarah pancen bakal bisa nyatukna kepriwe carane ndadekna tujuan utawa maksude tekan manuti lingkungan kanti apik.

Ning akeh rembugan, kumpulan, musyawarah, rapat akeh oranana keputusan merga siji liyane ngeyel karo cara sing ora nganggo dasar utamane wong wadon sing senenge nganggo emosi nepsu nek ora dituruti mending bubar.

Kahanan ngeyel neng kumpulan ilmuwan, dewan uga liyane neng acara musyawarah bisa marakna na deadlock, walk out, nganti skors sidang tekan pungutan suara. Ana neng kelompok pengajian uga pada sing beda pemikiran banjur lunga utawa pada saling nuduh urusan hukum agama sing beda tafsir siji liyane.

Eyel eyelan kedaden kuwe kedadian angger kelalen tujuan urip neng ndunya apa akhire jebule ujunge ya keperluan pribadi, golongan, kesukuan nganti tekan bangsa, uga agama aliran dewek dewek. Merga siji liyane ngrasa ora perlu ngeyel mangkane akhire sing diajarna ya hak azasi. Mulane eyel eyelan ati, pikiran, ideologi marakna perang. Nek wis perang kabeh emosi sekang presiden tekan rakyat jelatane, merga semangat mbelani apa sing diyakini.

Wong wadon sering ngeyel karo bojone mesti marakna keluarga kaya kapal pecah, murid karo guru ngeyel mestine pelajaran ora normal kecekel dipahami tekan gedhe, prajurit ngeyel karo atasan, marakna kesatuan ora solid. Asisten kamar oprasi ora manut karo dokter bedahe marakna oprasi ora rampung rampung. Kepala unit ora manut karo kebijakan direktur ya ora bisa majukna institusi brayan, mesti neng uteke putek dengki suudzon tur rumangsa gemedhe sombong rumangsa paling berjasa kawit rejaning jaman.

Kabeh ana aturan birokrasi, aturan lalu lintas, aturan ibadah, aturan liyane termasuk priwe carane tuku tiket online, numpak pesawat uga liyane. Kabeh mau ben awake dewek mikir kapan takon, kapan ngomongi, kapan diskusi kapan nglaksanakna aturan perintah uga kapan nolak alus.

Tata cara kayakuwe ben apik ana ilmu sing diarani budhi pekerti, neng Islam diarani adab uga alhlak. Kabeh mau pancen beda cara beda solusi kepriwe carane ngelola konflik ngeyel siji liyane.

Wong sing seneng ngeyel biasane ora pas ndeleng kedudukane, ilmune, pengalamane, utawa sengaja merga ana kepentingan kaya sing sering ditonton neng tivi. Wong wadon ngeyel neng agama wis diatur, nek ngeyel ora nganggo tatakrama ya pancen wong wadon orangerti kedudukane nganti wani nglawan sejatine garwo kuwe kudu bekti karo wong lanang.

Semana uga wong tuwa sing ora paham anake wis umah umah kudune ora melu campur tangan nek ora dijaluki tulung kepepete anak, pancen orapaham tut wuri handayani mulane babagan ngeyel ngeyelan awake ndewek kudu emut ajaran filosofine Ki Hadjar Dewantara “Ing ngarso sung tuladha, ing madya mangun karso, tut wuri handayani”. Tuwa nom lanang wadon nek seneng ngeyel nutupi kesalahan ora introspeksi tukang adu-adu gawe perkara biasane ora mudeng nek gusti Allah mboten sare… Kelilaan (*)

Beri komentar :
Share Yuk !