Nglunjak

Rika nyong pada nglakoni urip neng ndunya nduwe watek dhewek-dhewek beda siji liyane. Sifat menungsa pancen wis ana neng pestine gusti Allah, pada kaya apa sing dicontohna beda neng garis tangan. Ning sifat kuwe uga banjur bisa dipengaruhi lingkungan kawit cilik tekan dewasane menungsa, temasuk neng jerone lingkungan keluarga, sekolah, pendidikan, pergaulan uga sapa sing ngancani angger ana konflik. Akeh menungsa kaya sifat hormon neng njero awak sing ndorong nglawan, ngrantasi gawe utawa mlayu sekang kahanan sing ngancam. Persis wong kepethuk macan, arep mlayu apa nekat nglawan banjur mikir ndi sing arep dilakoni, kaya wong ngliwati dalan sepi arep mlayu apa mending ngesuk baline nek kewengen.

Kahanan kedadiyan sing terus terusan ketanggor ning ana sing nulungi uga marakna menungsa nglunjak karo pesthine gusti Allah uga ana sing nerusna prilaku eleke merga rumangsa ana sing ngejorna, rumangsa ana sing nglindungi, rumangsa akeh kancane sing padha, utawa rumangsa bisa. Kabeh pancen marakna dadi sapa sing kuwat utawa sabar ngadhepi nglonjake pasangan urip, bawahan, kanca brayan utawa atasan. Wong sing ora rumangsa tur gemedhe ora bisa introspeksi utawa rumangsa dipercaya utawa dilindungi akhire banjur seneng nglunjak.

Wong wadon biasa diomehi lanange ning njur dimaafna sering nglonjak banjur kelalen tugase ngabdi, apamaning angger kabeh karepe dituruti akhire banjur angger ora dituruti njaluk pegat utawa tumindak liyane, senajan lanange komandan, pimpinan, lurah , ustadz, kiyai utawa habib nganti tekan nabi, nek nduwe watek ala ya banjur kahanan rumah tangga kaya Nabi Ismail sing kudu megat bojone sing nuzyus, utawa nabi Luth utawa Nuh sing bojone durhaka banjur kena laknate Allah SWT. Percaya apa ora genah crita keluarga abi kuwe ya kedaden uga contoh kepriwe kedaden nek menungsa nglunjak nglanggar wates kompetensine.

Babagan keluarga wis dicontohna. Angger lanang wadon jodho pada nglunjake kaya abu Jahal, abu lahab, ana sing wadon alim lanange nglunjak kaya Firaun karo permaisurine sing nylametna Musa, ana sing lanange apik wadone nglunjak Kaya Nabi Ismail, Nabi Nuh, Nabi Luth, ana sing sakinah mawadah warahmah kaya nabi Ibrahim sing bojone loro alim kabeh. Babagan kaya kuwe jelas siji liyane bedha konflike, ning kabeh mau nunjukna pancen menungsa ngadepi siji liyane angger pengin guyub rukun siji liyane kudu ngalah kapan maju kapan mundur, angger cita-citane arep brayan ya kudu wani nggone rembugan.

Angger menungsa emoh rembugan nandakna angel nggawe usaha bareng, sipat kaya kuwe gumantung karo egois, wong egois kaya kuwe biasane merga pergaulane cupek tur ora gelem sinau introspeksi sebabe apa ora teyeng brayan. Babagan nglunjak sering ndadikna konflik merga ngliwati wewenang utawa merga ngrasa apa bae atasane bakal manut merga wis percaya. Kedadiyan nglunjak banjur marakna nek ketanggor marakna hubungan apik dadi pasulayan.

Jaman tambah sesek menungsa, wis kudu ninggalna sifat egois, nglunjak apamaning ngliwati wates, merga akeh wong pinter, ora bisa menungsa rumangsa terus pinter ora nganggo ilmu. Ibarate wong masak bae kudu sinau karo niteni bumbu uga selerane sing dimasakna, semana uga wong brayan, kudu ngerti sapa sing dibrayani, ben urip tentrem ora gela merga sering dilunjaki terus. Mayuh ngaca , ngilo! Klilan.

Beri komentar :
Share Yuk !