Ngukur

Dawa pendek, adoh perek, duwur kunthet, amba ciut kabeh bisa diukarakna apa anane uga bisa nggo paraban. Ukuran kuwe nandakna gedhe cilike wong ndeleng sekang matane uga sekang kacamatane. Cara ndeleng kabeh mau banjur dipadakna kepriwe karo ukuran, karo angka, karo cahaya, karo warna sing di sepakati bareng, banjur bentuke ya manut kesepakatan, ana internasional, ana negara, ana suku banjur ana ukara kanggo ukuran dawa, inchi, centi, selangkah, sekilan, sekaki uga liyane tekan DLL, altitude, latitude, celcius, fahrenheit, uga esih akeh ukara liyane kanggo ukuran sing nyata.

Jebule ukuran mau uga dinggo marabna ati uga pikiran menungsa, ana ati ciut , ati jembar, pikiran cendek, pikiran dawa uga liyane. Ngukur babagan kaya kuwe biasane merga madhakna karo ukuran ati pikiran menungsa liyane sing duwe kearifan.

Ana sing menungsa sinau babagan kebijakan , ya bakal ngerti kebijakan sing bener dipikir apa grusa grusu utawa sing emosional, kedadian kaya kuwe kudune marakna kudune awake dewek uga bisa ngukur sepira pintere awake dhewek tinimbang wong liya.

Rika nyong pada siki paham mulai sekang awake dhewek, ngukur sepira dhuwur pekerti, ilmu, strategi, pendapatan, gaji uga liyane, sejatine kepriwe posisi ne awake dewek. Nek menungsa wis bisa ngukur awake dhewek, kedadiane. banjur gampang goli tumandang, gampang sosialisasi uga liyane. Ngukur awak marakna awake dhewek introspeksi kepriwe Nggawa awak neng kerjaan, neng karir, neng usaha, neng karir uga liyane, dadi awak ora gemrungsung tur kerja dadi ikhlas. Ning menungsa uga bisa nduwurna angkane dhewek karo cara sinau.

Babagan ukuran, rika pada kudu rumangsa tur pinter golet cara sing bisa nyetarakna ukuran karo lingkungan kerja, carane kudu jujur karo kemampuan awake dhewek. Wong sing kaya kuwe sing diarani jenius. Jenius kuwe 99 usaha sijine bakat uteke. Dadi menungsa sing genius kuwe jane senajan pendidikane rendah ning teyeng mikir kepriwe setara karo liyane. Merga durung tentu wong pendidikane duwur kuwe kreative neng kerjaan. Aja keminter aja nglomboni awake dewek apamaning wong liya.

Menungsa sing bisa ngukur ati uga pikirane dhewek bakal kepenak arep kepriwe bae. Neng agama nek bisa ngukur ibadahe kurang, bakal ningkatna usahane ngibadah. Neng keluarga nek wong wadon teyeng ngukur sepira bektine karo lanange, mestine kepriwe ningkatna leladen senajan mung sithik munggahe. Wong nduwe rasa uga nek bisa ngukur sepira rasane bakale ngunggahna cara kepriwe ben perasaan sing seneng uga disenengi bungah. Direktur nek bisa ngukur sepira kon adil ndeleng karyawan berjasa, nganggur, kerja apa ora , mempeng apa males , ya ora wedi mindah wong sing males uga ora abot ngunggahna karyawan sing loyal karo perusahaan.

Ana uga pengusaha sing bisa ngukur sejatine awake professional apa ora, sanggup apa ora, dadi ora sulaya nyulayani brayan bisnis dadi pengusaha. Kuwe mau nek pada bisa ngukur, nek ora teyeng ngukur, kedadiane ya kabeh ora bisa pada saling nutupi kekurangane siji liyane. Mayuh ngukur uga jujur, kelilaan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !