Nugel

Kepriwe rasa atine rika uga rasa awake rika lur, seger ,penak, lara, mangkel, gela apa wis adhem maning merga ana penyadaran uga kepercayaane dhewek dhewek, nrantasi perasaan sing dirasakna neng mangsan pandhemi. Merga kahanan kaya siki, nyampur antaraning data, kasunyatan tekan fenomena gunung es, sing ndadikna data Karo apa sing sebenere bisa mlenceng adoh, merga menungsa seringe mung bisa ndeleng apa sing keton nyolok mata.

Akehe data sing ora dipahami marakna awake dewek sering njiot pendapat uga keputusan sing salah. Ibarat wong ngaji ora paham tuntase ayat sing disampekna kiyai , akeh banget mung dijiot setugel, akhire ora paham sejatine Kabeh firmane Gusti Pangeran Allah SWT ,kuwe Amba banget. Mulane akeh wong sering muter walik ayat kanggo kepentingane dhewek. Kabeh mau y wajar neng Urip neng ndunya.

Mulane menungsa banjur senajan agamane padha Ning ya gawe kelompok organisasi masyarakat dewek sing nyerukna amal makruf nahi Munkar utawa kebecikan Karo kegiatan, uga ana wong sing gawe parpol merga nduwe keyakinan ngrubah kahanan sing kaya diperjuangna merga negarane dewek njiot cara demokrasi mulane kudu ana perwakilan sing maju merjuangna pemahaman menungsa ndeleng tantangan jaman.

Neng Babagan ayate Gusti Allah Bae menungsa wani nugel nugel ayat ora Sinau mahami Kanti luas tur menyeluruh nganti sebab musababe ayat kuwe mudhun, apamaning tekan hadis, tekan riwayat, tekan fatwa, tekan undang undang dasar, tekan peraturan mentri uga liyane, nek seneng nugel sithik sithik banjur diterjemahna dhewek ya bakal digoreng nggo kepentingan popularitas. Rika padha ora susah bingung ndelengna pendapat menungsa siji liyane, asal duwe keyakinan.

Neng Babagan aturan , kaya Alquran uga isine nerangna hal sing umum, banjur dikuatna hadis uga ana banjur keputusan Bahtsul Masail neng NU , utawa majelis tarjih uga liyane ormas Islam kanggo ngrampungi pendapat beda cara ngadepi masalah majuning jaman , Kanti ora ninggalna aturan umume neng Al Qur’an.

Semana uga apamaning mung perda sing kudu nglanjutna aturan undang undang senduwure, sing jelas Kabeh menungsa ana pendapate. Kabeh mau angger manut karo Alquran dijenengi wong sing iman, banjur olih predikat taqwa.

Nek Karo hukum menungsa sing digawe neng aturan pemerintahan, wong sing ora manut jenenge mangkir, ning nek menungsa sing manut mung setugel banjur ora pada cara nerjemahna aturan kabeh jenenge kontroversi, merga muatan politik nggo popularitas, utawa pancen merga ndeleng kahanan sing ruwet neng pandemi banjur ndeleng kahanan sing padha karo kasunyatan.

Kaya ana sing nduwe pendapat bebasna wong pada kegiatan asal nganggo protokol kesehatan, pimpinan liyane gawe protokol preventif beda ,karo cara gawe kebijakan perketat protokol, kanggo nyegah penularan, dadine dana nggo ngobati lewih sithik. Ning nyatane mall bioskop padha bukak, nek wong ndesa nonton ebeg.

Kabeh menungsa olih berpendapat, ning seapike musyawarah Ben ora gawe bingung senajan niate apik, tapi Kabeh mau marakna awake dewek dadi olih ilmu, menungsa pancen duwe cara bedha bedha. Ora salah aparat mbubarna kerumunan merga pancen ana undang undang, nek difoto berarti dadi aparat sing taat Karo aturan. Ana pimpinan mbelani rakyat ya ora salah, asal Karo protokol kesehatan, masalahe rakyate mudeng apa ora cara njaga protokol?

Kabeh mau gemantung niate uga aturan sing dimanuti Karo resiko senajan ana sing tanggungjawab, angger Kabeh mriyang , sapa sing bakal mbayari, kasunyatan duit nggo ngobati anggarane terbatas. Mayuh pada bijak ndeleng kahanan sing lagi marakna wong gelisah Kabeh, merga pandemi.

Pandemi ilang nek awake dewek kompak sekang segi apa bae, termasuk tekhnologi, undang, undang uga liyane. Ora susah pada rumangsa kuat, merga sing paling kuat mung Gusti Allah, mayuh Brayan. Aja seneng nugel ayat uga aturan sepethil sepethil, mikira lewih luas kanggo manfaat, rahmatan Lil Alamin . Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !