Nular

Lur, esih pada disiplin apa mbegod bae, uwis mudeng tur paham sing jenenge jaga jarak karo isolasi mbok? Uwis lah, mung ndablege tah embuh genah nyatane pati kuwe sing ngerti pancen mung Gusti Allah, ning ya aja nantang tekdir makhluk uga kondisi ngalam ndunya liyane. Ora teyeng nglangi masa iya nyemplung segara? Ora ngerti ilmune apa iya rika wani terjun payung. Ana udan apa iyaha ngoyos, numpak motor ora helm an, uga liyane. Wong nantang kuwe biasane merga ora paham, kepeksa, utawa pancen kudu.

Esih anget uga neng suasana covid 19, nyong nduwe kajiban uga terus. Kudu ngusahakna gawe tulisan sing tujuane rika nyong paham mahami kahanan, kepriwe bertahan kuat nglawan covid 19. Rika nyong siki lagi pada usrek bae ngributi ngrasani uga ngomentari kebijakan, informasi, uga liyane ning ora fokus kepriwe awake dewek karo keluarga uga lingkungan slamet. Wis ngerti isolasi ning ora paham nglakokna. Akibate ya nambahi pegawean liyane. Merga kudu mriyang, kudu ana sing nganter, kudu ana sing mbayari uga liyane.

Babagan nularna, rika pada ya ngerti beda-beda gemantung nularna apa. Nularna ilmu karo ngajar, nularna wareg kudu aweh panganan, nularna kasejahteraan karo sedekah, semana uga nularna penyakit  ya ana carane. Kuwe bae gemantung penyakit apa sing nyebabna kaya sing wis tek tulis minggu ndisit. Mulai sekang gawan bayen, infeksi, trauma, hormonal, metabolik, degenarasi nganti neoplasma.

Sing jenenge nular ya angger penyakit sing neng awake kancane tekan rika merga liwat penggawane utawa vektore.  Nulare covid ya pada bae kaya virus liyane kudu ana sing gawa. Virus dengue kudu liwat awak lemud sing nyedot menungsa sing duwe bibit kuwe. Virus HIV ya nulare liwat cairan sekang awak menungsa siji liyane angger ketemu, kaya senggama, cipokan, utawa kenang ndarahe wong aids nyiprat maring lukane awake dewek. Wong kenang hepatitis sekang piring bekas panganan, sendok, gelas, kringet apamaning tekan berhubungan badan. Semana uga infeksi merga bakteri uga jamur kabeh angger ana kontak.

Siki rika pada mbahas covid uga kudu paham sipate virus jenis kiye. Virus kiye buyute flu, wong rika pada ngerti kepriwe nulare, ya mirip kaya flu. Ana wong wahin bae rika ketularan, angger perek tur seruangan. Ya siki pada bae seruangan sekomplek ya kaya wong ketular flu. Nah bedane apa kaki flu karo buyute? Buyute siki lewih mutakhir, lewih modern, lewih kuat, lewih suwe uripe neng njaba makhluk urip sing duwe getih utawa cairan liyane.  Kepriwe carane ben ora nularna, ya sing wis perna senggonan utawa tau ketemu aja nambahi ketemu liyane, artine mbatesi awak ben ora nulari liyane.

Semana uga ben ora ketular ya rika aja nemoni. Banjur merga nulare liwat mata, irung uga tutuk ya kepriwe ora nulari uga kertular, kabeh kuwe ditutupi. Banjur kenangapa dokter uga tenaga kesehatan nganggone APD lengkap, merga ketemune bolak balik, neng ruangan kuwe kuwe bae, nganti seruangan tekan udarane bae isine aerosol, utawa awak virus sing nglayang nglayang neng kono, dadi bisa nempel neng awak, bar kuwe kelalen ucek ucek, uga liyane akhire kudu nduwe pelindung sing lewih rapet. Mbok kelalen bar ngemek hulu ora ketutup banjur cewok, utawa cekelan irung uga liyane. Perawat uga dokter sing ora maring ruang isolasi uga liyane ya ora perlu karo apd lengkap.  Apamaning rika pada, sing neng umah. Anehe ana wong ninggal merga covid, rika ngangkat be ora apamaning ngambung. esih pada ana sing gemblung nolak daerahe nggo ngubur. Ora nular rika angger ora ngemek!! Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !