Rendeng

Siki udane wis mulai tambah gedhe. Banjir longsor, umah bocor gendenge, kali, selokan, irigasi pada luber rika pada ngerti ayat kauniahe Gusti Allah kuwe. Merga nampung nglewihi kekuatan banjur apa sing diwadahi akhire luber ora kuat nahan, ora kuat nampung. Semana uga kekuatan awak angger nglewihi tugas, nglewihi kekuatan ya luber ora kuat, anane malah dadi akeh mudharate.

Pikiran angger ora tumata kabeh pengin dicekel ning oranana sing rampung paripurna, tanggungjawab nek ora pas karo bakate ya marakna ora dadi hasil tujuan karo maksude. Kabeh pikiran mau bisa tambah jembar angger ana niat, sinau ana niat tumindak, ana niat ikhlas ngleksanakna tugas mestine banjur kepinterane, kekuatane , keahliane tambah. Mulane neng ibadah selain ndonga, usaha, gerakan, uga liyane. Kaya shalat nek langka gerakane ya dudu shalat ning mung wacan dongane.

Rika pada esih akeh ngobrol, diskusi, koar-koar, ning kon gawe tulisan hasil diskusine angel, banjur nulis urutan hasil rembugan kon dileksanakna ya kangelen, marakna ana kegiatan apa bae isine nyalahna kedadiyan sing ora pas . Gusti Allah wis ngajari gerakan shalat kaya sing diajarna nabi karo sahabate. Kuwe contoh nyata neng ndi bae nek prosedure pada marakna gampang ngleksankna aturan, gampang ngleksanakna pengajaran, gampang ngoreksi siji liyane, gampang ngomongi nek ana kesalahan.

Persis kaya kesepakatane awake dewek mahami baud ukuran rolas apa patbelas, nek bolongane ora pas ya kudu digolet sing pas. Semana uga rika pada kerja kudu bisa nyonto disipline kepriwe shalat jamaah, neng pegawean kepriwe cara gawe surat standar, neng kamar oprasi kepriwe urutane prosedur oprasi, neng pilot kepriwe cara urutan maburna pesawat.

Wong sing mudeng brayan kepriwe berorganisasi ya bakal mudeng contoh contoh mau, kepriwe mur baud bisa pas merga ana urutane. Lampu abang ijo kuning ya sedunya ana kesepakatane. Lah rika pada sing egois tur sempit pikirane konangan mesti angel nyesuekna tatanan sing disepakati, senenge gawe sensasi, ben beda ning salah.

Keton kerjaane ora tau rampung, ora gelem saling nutupi kurangane wong liya, senajan pancen ana kedadian sing merga keterbatasan mriyang, gawean liya sing lewih penting uga perkara “force majeur” liyane. Ning akeh menungsa sing mung pinter koar koar kanggo manfangatna keahliane wong liya. Pirang bara mbantu malah isine iri, jengkel, sombong, kenangapa ora dijek, kenangapa ditinggalna, kenangapa malah ora dipercaya, dudu nganggo prinsip mur baud, ngepasi apa sing dadi pakem jaman sing wis berubah. Neng jaman nabi wong kayakuwe dianggep wong jahiliyah. Kelilaan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !