Tanggap

Maju adem hawane lur, peralihan mangsan ketiga maring mangsan udan. Rika pada kudu tanggap wayahe aja pada sering kudanan merga awak menungsa tekan organ, jaringan nganti sel nduwe kekuatan dewek dewek, kabeh sinergy ora bisa adigang adigung adiguna dewek.

Mangsan udan lemah dadi benyek, rika pada sing uripe neng nduwur gunung kudu waspada pertanda alam, ana gugur, ana longsor ana wit rubuh uga liyane, ula pada metu golet panggonan anget. Semana uga rika sing urip neng plataran ngisor kudu mulai waspada banjir.

Nek taun gemiyen ana udan banjir banjur tekan siki siere urung dikeruk, kaline isi sampah, ya mesthine bakal banjir maning , gari sepira gedhene ngluape banyu. Kedadian kaya kuwe rika pada wis paham ning oratau tanggap, alias ngerti tapi cuek.

Semana uga rika pada kerja karepe kepenak ora mikir, ora kreatif, rumangsa kesel, padahal seringe mangkat kerja esih jagong bingunh nandangi gawe. Kancane sibuk ora melu nimbrung, ora dijak jerene ora disenengi. Mikir seneng nyakra dawa ning orateyeng ngejawantahna kepenginan.

Urip neng ndunya wis diajari tanggap, kaya semut mangsan udan golet panggonan maring nduwur, mangsan ketiga mudun golet luwangan ngisor lemah. Ana kanca kabotan dibantu , ana barang abot dijunjung bareng, pethukan padha takon takonan kepriwe kahanan siji liyane akhire silaturahmi.

Menungsa urip kaya dewek, ana aturan sing wis disepakati senajan sering dilomboni neng awake dhewek merga gengsi. Rumangsa kerja paling abot, hasil sepiraha, ora nduwe niat brayan dadi relawan mbantu siji liyane. Akeh kedadian nek bisa ngerjakna gawean ribut kaya iyaha ,ora teyeng ngerjakna mlayu ora laporan. Akhire target pimpinan uga organisasi mandeg, merga rumangsa kabeh mung dewek sing bisa ngerjakna, akeh gawean molor merga ora nyandak utek, ora nyandak pikiran rumangsa paling bisa ning ora nduwe daya.

Urip kabeh tekan jaman adaptasi baru kuwe ya merga kesepakatan uga kepercayaan, jaman ngibadah nabi jaman ganu oranana rukun iman rukun islam, siki ana merga menungsa lewih akeh. Miturut penelitian, kebiasaan sing dadi kepribadian kuwe nek terus terusan dilakukna menungsa merlukna wektu 5 nganti 20 taun. Kaya rika kawit cilik diajari pelit nek tekan umur 20 taun ya nduwe kepribadian pelit. Mulane Jaman gemiyen rama karo mbahe rika ngising ndulndah neng pekarangan dapuran pring utawa lunglap neng kali, nembe umur tuwa gelem maring jumbleng karo WC.

Semana uga nganggo masker cuci tangan karo alkohol uga jaga jarak bakal kelaksanan Dadi kebiasan ya 5 nganti 10 taun ngarep ben anak putune dewek pas bumi tambah padat, pencemaran akeh, unyek unyekan karo penyakit, anak putune dewek angger siki mbiasakna urip karo adaptasi siki bakal kepenak tur slamet. Mayuh pada mbantu awake dewek, dadi wong tanggap neng adaptasi kehidupan baru. Kelilaan

Beri komentar :
Share Yuk !