Tanggap

Brayane menungsa neng ndunya jane wis ana ukurane, wis diajari samina waathana neng agama, wis diajari jamaah nganti wektu wektune ibadah nganti makbule diijabah kapan wis ana petunjuk. Semana uga nrantasi musibah wis diajari kon manut pimpinan. Jamaah manut imam, pondok manut kiyaine, rumah sakit manut direkture, wong wadon manut wong lanang bojone, uga liyane esih akeh rika pada nyontohna sunatullah.

Semana uga sunatullah ngadepi virus, tekan siki ya antivirus yakuwe, uga vaksin karo kekebalan tubuh alami. Ngadepine uga nganggo aturan sing wis disepakati menungsa nyesuekna kahanan sing ana. Wis dicontohna kewan sing uripe neng kutub hawa adem ya wulune banjur kandel, wedus sing neng daerah ngisor ya ora gembel banget lan liya liyane. Semana uga ngadepi virus ana sing canggih negarane, ana sing mung sithik kesanggupane nangani kondisi kaya kuwe. Tekan ndesa ndesa sing terisolasi nduwur gunung ya ana, mulane ganu akeh suku kolot ngisolasi penduduke ora olih sembarang wong olih mlebu wilayahe.

Kahanan siki sing pancen mangsan wabah virus convid 19 pancen bener rika pada kudu pinter gawe karantina dhewek, cara dhewek, lock down dewek, kaya ngiyub mangsan udan, kaya ngiyub mangsan panas kaya ngungsi mangsan bencana. Kabeh tujuane ngindari nggolet kabecikan dudu jagoan jagoanan. Siki rika pada mbayangna tinimbang wedi liwat kuburan mbok ana medi ya mending mlayu, ora ngliwati apa carane muter dalan liyane. Arep mlebu gunung kandang macan ya padha mending liwat dalan liya timbang ditubruk macan.

Rika pada kudu tanggap, kedaden siki wis pada negara liya, ana sing nutup perbatasan, ana sing mondokna karantina neng pulau sedurunge mlebu wilayah, ana sing tetep neng nduwur kapal, ana sing diisolasi neng rumah sakit uga liyane. Kabeh mau cara tanggap kepriwe kudune ngadepi wabah kuwe. Nek ora pengin beleken ya aja nyedaki wong pilek. Nek ora pengin ketularang tbc ya semana uga kudu gelem ngindari wong tbc, lan liyane.

Rika pada siki kundu tanggap, sigap, siap. Wis jelas ana masalah virus ya tanggape , sigape siape ya ngadepi masalah kuwe. Merga urung ana tambane, carane nek ora vaksin ya metu sekang lingkungan utawa aja ketemu liyane sing sekirane bisa mriyang kenang penyakit kuwe. Ora bisa dipungkiri siki jenis viruse sing bisa urip liwat udara, miturute WHO sing nggawe kebijakan strategi utawa penelitian penyakit neng tingkat ndunia. Artine siki virus nular sekang udara, kegawa mabur, njur kesedot nafase dhewek. Rika pada kudu tanggap sapa bae bisa positif ketular virus mau. Mulane mending istirahat, olahraga, mangan sing sehat tur aja kelalen. Muga muga bisa ngindari, nglewati mangsan bebendu kiye. Kelilaan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !