Dungkar

Rika pada gagat esuk kawit mau wis pada ngapa bae lur, esih pada slimutan males merga bingung numpuk urusan akeh pikiran apa wis pada maring gaga, ora ketang mulai gawe blumbangng go aliran nampung banyu udan nek mangsane teka, apa nembe mangkat repek golet pampung, nyiapna suluh nggo indel badheg sing wis dikumpulna kawit winginane. Apa wis mulai mbukak hape maning senajan wektune wis wayahe kerja.

Siki kayane wis umum angger wong nembe dog kantor,ora banjur resik-resik kantore nata buku utawa alat tulis kantor liyane, komputere disulaki ben ora akeh bledhuge. Siki kabeh menungsa kayane dog ngendi bae banjur mbukak hp. Dadi niat apaha tekan endi oraha hp mesti sing dideleng nomer siji. Liyane njur dadi samben, ora konsentrasi.

Siki mulane akeh wong ora bisa introspeksi kekuatan pikiran dewek akhire nuruti conto sing neng internet dunya maya. Percaya apa ora bocah sing ora duwe hp, golet ketemu rama biyunge dudu merga kangen pengin crita maring rama biyunge apa sing bar dilakokna neng sekolahan. Anane mesti pengin cepet golet HP neng ndi, senajan wis dilarang, dudu wedi malah kedadian jengkele tambah mbageli sapa bae sing dinggep ora nglimuhi kepengina nenyekel hp.

Akeh wong wadon keblinger nonton YouTube karo uploadane instagram ,utawa toko online liyane, akhire melu gayane apa bae ben bisa viral, kabeh kegiatan njur diunggahna, mangan, nonton, shopping, gawe roti, gawe wedang kabeh pencitraan kaya kayane bisa apabae. Nganti bingung ngesuk ngisi story karo feed apa maning neng Instagram, neng status Wa, neng Facebook lan liyane.

Kabehane curhatan neng dunya maya wis nglewihi porsi urip neng ndunya nyata. Sekantor ora ndang ngerjakna kerjaan tapi ketungkul mbalesi chattingan liyane, mulane nganti ora duwe daya kerja realita neng lapangan, ora bisa manajemen konflik ben rampungana solusine, isine tegangan tinggi ngadepi masalah nyata merga kenang penyakit Continous Partial Attention.

Akhire karyawan Ora konsentrasi kerja, wong wadon moh ngladeni anak bojo, satpam ora tlisik awas trengginas, bakul ora nglayani apik planggane, kabeh dadi kaya ora duwe dedikasi merga oyode rakuat, atine ora lust, pikirane ora kuat karo iming-iminge dunia maya, ana panganan enak, ana klambi apik-apik, ana tour murah, ana tempat hiburan anyar lan liya-liyane, kabeh ditawakna langsung ana gambar, Reva, ongkos kirim lan liyane. Kadang pesen ora nembung bojone, ning langsung bojone kon mampir toko minimarket ding kon bayar kaya sing dikarepna. Kaya wong lagi nonton apa bae karepe kudu dituku, nek ora dibayar njur jengkel.

Kedadiyan kaya kuwe marakna wong lanang goyang pikirane, atine, njur dungkar, merga ra kuat ngladheni kepenginane wong wadon. Kuwe kabeh mau akhire marakna keluarga retak, wong lanang bisa marder utawa minder, utawa maning malah bisa marakna pada pasulayan, gelut banjur pegatan.

Apa maning angger gajine wong wadon lewih duwur tinimbang wong lanang, mesti seringe pada pengin dadi ratu. Wis ra gelem dadi permaisuri maning, kepengine wong lanang kudu ngerti apa karepe wong wadon.

Dungkare rumah tangga nganti negara, sejatine merga menungsa ora gelem gawe pondasi kuwat, kenceng cekelan wathon. Mulane mayuh sedulur kabeh, mulai mbatesi wektu dolanan hape nek duduw pegaweane.Kadang pancen ora masuk akal jebule dolanan HP terus-terusan marakna dungkar atine, dungkar pikirane, dungkar pekertine, dungkar ekonomine, dungkar guyub brayan rukune karo tanggane, uga liyane. Mayuh gawe kegiatan, sedina ora nana HP,ben ora pada dungkar. Kelilaan (*)

Beri komentar :
Share Yuk !