Ho No Co Ro Ko

Lur! Rika pada neng SD, SMP,SMA sing neng Jawa mestine esih kemutan diwulang basa daerah. Neng kono uga awake dhewek diajari huruf jawa gaweane Sultan Agung sing gawe huruf Jawa karo cerita Ajisaka. Maju tuwa awake dhewek tambah ngerti jebule leluhure dhewek tingkat budhayane duwur banget utamane masalah kepriwe nyiapna mental bathin ngadepi perkara urip neng ndunya.

Sekang huruf sing diciptakna bae, wis marakna ati mongkok bangga uga ngerti sejatine dhewek kudu nguri-nguri budhaya , senajan budhaya anyar tumeka terus.
Ha Na Ca Ra Ka, ana utusan, perintah, tugas . Neng Ceritane sing digawe Ajisaka ngutus utusane loro ( Dora karo Sembada ) kon tetep nunggoni keris njur domongi ora Olih ana sing njiot kejaba Ajisaka dhewek.

Sawise suwe Ajisaka lunga ngalahna raja Dewatacengkar neng Medangkamulan, banjur prentah Sembada kon bali maring asale njiot keris pusakane. Ning merga Dora amanah ngugemi printahe Ajisaka banjur ndadikna gelute Dora karo Sembada nganti mati.

Akhire Ajisaka critane gawe huruf Jawa, Hana / ana = ada caraka = utusan (arti sesungguhnya, wong kepercayaan’), data = nduweni , sawala = perbedaan (perselisihan) , padha = pada, sama, jayanya = ‘kuate’ utawa ‘kedigjayaane’, ‘jayanya’ =’kejayaane’, maga = ‘kiyelah’ , bathanga = mayate .

Crita anane huruf Jawa kiye persis jane kaya apa sing marakna perkara sering ora apik akhire merga apa bae perkara utawa masalah sering pada atose nyekeli keyakinane dhewek merga ora percaya siji liyane merga sering ora pada ngecek sebenere. Hanacaraka, ana utusan bisa bae rika pada merga diprentah atasan sering pada saklek, alasan tupoksi ora pas, sop ne rung ana, dudu tugase, utawa nganti ngerjakna mbantu liyane ning miturut karepe awake dhewek. Akhire gawean pada ora pas karo tujuan maksude .

Da ta sa wa la, kabeh menungsa merga duweni beda pendapat, persepsi, ideologi, kudu ndadikna siji liyane kudune rembugan. Ning seringe pada nggaya oragelem nampa pendapate wong liya, kadang uga oragelem nuruti prentah, mulane wong kaya kuwe diomong neng kitab Quran ” sumumbukmun fahum la yarjiuun”. Picek, budeg, bisu, ndableg atine rabisa diomongi, angel olih hidayah. Karyawan kaya kiye isine oragelem introspeksi karo gaweane ala, ning bisane nyacad.

Sering kedadian padha jayanya marakna otot ototan mbrengkeneng sekarepe pemahamane dhewek-dhewek sing jane anu ora mudheng. Utawa ndadikna salah paham siji liyane merga cara pikire nafsirna caraka utawa perintah beda beda. Mulane kadang pimpinan sing salah cara prentah bawahane uga marakna salah. Prentah tukang misale kudu detil ben bisa pas kaya karepe. Angger prentah tukang ngomongine kaya nggo sarjana beneran, ya dadi salah merga tukang pikirane beda karo manager. Nek tukang siji diprentah beda karo liyane marakna wong siji liyane bakal ribut ndebatna maksude prentah sing ditugasna.

Magabathanga, kedadian regejegan, jengkelan ora uwis uwis, tur nek diwei tugas rumangsa bisa, banjur jebule bingung akhire marakna pada ora teyeng nglaksanakna tugas tepat waktu. Merga pas nindakna tugas sering mikirna sing kudune ora perlu, ning nek dikon mikir dewek ora tau bisa ngrampungna gawe. Artine mung bisa ngayahi gawean sing wis jelas detile. Kabeh mau marakna pada mati pikir, mati gawe. Siki pemerintahane dhewek wis anyar, esih akeh gawean, Rika pada mayuh pada fokus karo syukur uga ndongakna pemerintahan anyar sing dipimpin Rama Jokowi karo Rama Kyai Maruf Amin kudu dibantu, didukung aja ngasi di slambru.

Dadi pimpinan pancen kudu teteg uga bisa nguwasani kapan aweh layar, kapan aweh taling, kapan aweh tarung, Suku, pepet uga pangku. Dadi aksara ajisaka moni apik bisa dado aksara urip ora mung Hanacaraka Datasawala Padajayanya Magabathanga. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !