Telaten

Mangsan udan ujarku esih ana bae, mandan mundur kaya biasane, ning hawa mulai adhem nek wengi tekan esuk, panas sekang awan tekan sore. Rika pada sing telaten mepe jagung uga pari utawa godhong dilem ya pancen kudu gelem repot nek ora ikhlas, telaten angger wis paham. Kabeh mau nek menungsa sing uwis ngerti pegaweane, ngerti tugase, ngerti tujuane, ngerti posisine bakal telaten mandhegani gawe tekan rampung tujuane, kejaba ora mudeng mepe klambi, pari, jagung utawa liyane banjur udan ya gela bae. Ora rumangsa nek menungsa kudu nduwe cara. Menungsa sing duwe cara mesti bakal sabar, mikir banjur gawe teknologi.
Menungsa sing ora nduwe pemahaman seringe bakal ngalami gagal merga marder wardegh rumangsa duwur utawa minder wardegh rumangsa ora bisa. Kayata wong didadekna manager bisa nglewihi kemakine direktur, ana maning sing didadekna Manager bingung kon ngapa, kabeh mau sing jenenge dianggep menungsa kompeten apa ora. Pada bae wong wadon ora tau nurut wong lanang karepe paling bener, awake dhewek ora tau ngaca sebabe apa bojone ora betah neng umah.
Babagan kaya kuwe akeh pancen dilema angger ora ngerti kepriwe mahami filsafat panguripane organisasi, panguripane keluarga. Akeh banjur pasangan pada bubrah merga ora mahami nek urip sekang latar belakang pemahaman sing beda bakal marakna wawasan pikir bedha. Wonge banjur egois ora bisa ngrantasi masalah, isine ngancam metu sekang pegawean, njaluk pegat, ora sanggup, meneng bae apa mutung ngilang merga nduwe rasa isin mbuh jengkel males. Wong kaya kuwe ora bisa diterusna kelakuane senajan watek. Watek ala uga tumindak ala pancen gemantung karo pengalaman, wawasan, pemahaman, ilmu uga budhi pekerti sing diugemi.
Ana menungsa sing ngalalna beda agama kawin nikah padahal miturut ilmu agama siji lorone ora olih merga dianggep zina, ning ana menungsa sing mikir sing penting setia senajan bedha agama, sebab tresna sayang apa bae banjur wektu kuwe dilakoni. Kedadian kuwe biasane merga ana landasan sebab musababe. Menungsa nentukna pilihan mestine banjur ana akibate, gawe SK Tim apa bae bisa salah tur ora jalan angger ketua Tim ora mudeng, ora paham utawa males. Akeh wong seneng nampa duit ning ora paham konsekuensine.
Ana maning wong sing ora paham makna diangkate pimpinan, artine anane ijab qabul uga liyane, ana sing ora manut, ana sing ora mampu njalan perintah, ana sing ora gelem nggawe kreativitas, ana uga sing isine nyolu ketone bisa jebule ndlohom ora teyeng ngerjakna tugas. Ana maning sing keminter ujare tumindake paling bener gawe cara ning salah kaprah. Kabeh kelakuan uga watek menungsa sing beda kuwe banjur ana ayat agamamu terserah rika, agamane nyong ya agamane inyong, kabeh kuwe merga menungsa sering duwe keyakinan dewek. Tekan golongan, tekan partai,tekan kanca ya bakal kumpul watek sing pada, mulane ana ayat maning wong lanang apik nggo wong wadon apik, wong lanang ala nggo wadon ala. Ning Kabeh mau angger rika padha telaten, kedadian kekurangan mbuh sifat nganti kerja ditelateni kon lewih apik, rika pada bakal mahami sejatine urip bebrayan neng ndunya, ora egois tur kanggo tumrape semesta alam. Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !