Ketanggor

Menungsa polahe siji liyane bedha, sipate, atine. Pikirane, awake nganti tekan sel sing paling cilik, rantai molekul dna, rna gugus proteine. Kuwe kabeh nandakna nek gusti Allah SWT luar biasa agunge, kepinterane, segala galane. Nggawe wujude nganti jiwane bedha, sinyal listrike saraf uteke uga bedha, sing marakna menungsa banjur duwe cita cita. Nduwe niat, nduwe semangat uga liyane. Babagan kaya kuwe banjur rika padha nduwe nasib, crita dalane urip sing beda karo kanca liya.

Merga beda siji liya mangkane urip brayan neng ndunya dicontoni Gusti Allah kawit nabi Adam ana aturan sing digawe. Merga ganu nabi Adam uripe ora brayan karo menungsa liya sedurunge Ibu Hawa diciptakna Gusti Allah, mangkane aturane sederhana. Kabeh aturan gusti Allah jane wis pas uga sederhana tur adil, jujur uga ana pengampunan. Kabeh mau nyontoni nek awake dhewek kabeh butuh aturan sing diciptakna madhani lingkungane dewek dewek.

Rika pada urip brayan mulai karo lanang wadon dianakna perjanjian jenenge ijab kabul, mlebu kerja ana perjanjian dadi karyawan, ana perjanjian dadi pegawai, wis disepakati merga sekang ngarep, neng ndalan kerja utawa rumah tangga mesti ana masalah merga menungsa karepe dhewek ana ego. Wong wadon sing nglawan lanange dijenengi nuzyus, wong lanang diangkat dadi pimpinan, derajate lewih duwur sekang wong wadon sederajat, ning akeh sing kelalen kodrat nglawan wong lanang akhire ketanggor padu.

Ana karyawan nembe mlebu ngarep arep temenanan njaluk pegawean nganti titip omongan karo pesohor, penggedhe, sakwise diwei kerja wis mulai mapan utawa alasan keluarga banjur metu sepenake dhewek, padahal wis tanda tangan karo ketentuane uga sadar. Akhire ketanggor nglawan atasane, mblenjani perjanjiane dhewek, oranana tanggungjawab nyicil utawa liyane malah dadi perkara tekan endi bae, lapor mbelani kesalahane dhewek.

Kabeh mau pancen hake awake dhewek arep mblenjani, arep usaha, arep nglobi, arep nyerah, arep brayan, utawa arep setia, utawa arep nglombo, kabeh marakna nanggorna kepentingan hak kewajiban siji liyane. Resikone dadi menang menangan sapa sing bener urung mesti bener.

Perkara neng ndunya kebutuhan menungsa mesti ora pog asal bisa ngerem apa orane, merga menungsa duwe angen angen, duwe rencana, sing kudu diusahakna. Jan jane kabeh nduwe wates, tapi sing akeh menungsa ngliwati wates merga menuhi kebutuhan tanggungjawab. Ning akeh menungsa uga keblinger ngliwati wates apa sing dudu tanggungjawabe diurusi, sing dadi tanggungjawabe malah ora diurusi, akhire gawean ora dilakukna, isine ngritiki gaweane wong liya, nanggorna pikiran wong siji liyane ben pada padu, regejegan.

Mayuh lur, wayahe urip temata, sing urung wayahe digayuh sabar disit, kemutan angger bensine sepethil ya aja wani lunga adoh, kejaba pancen wis diniati karo resikone. Kaya wong puasa, senajan akeh panganan tetep ora kepengin, merga pengin kasil, kejaba teyeng nekan hawa nepsu, uga sejatine awake dhewek bisa ngira ira kekuatan awake dhewek. Klilan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !