Nggih

Siap, samina waathona, 86, laksanakan, kabeh sering kaucap awake rika pada angger neng ngarep pimpinan, tokoh utawa wong sing lewih tuwa. Senajan sering beda karo karepe ati tetep kemecap ndadikna suasana kepenak . Pimpinan seneng bakal dileksanakna petunjuke, wong tua seneng ora dijawali, kyai seneng petunjuke, ajarane kaya digatekna.

Kabeh ukara mau ana neng pedinan miturut instansi utawa kondisi sing pas, kaya neng organisasi, kaya neng rumah tangga, kaya neng militer uga neng silaturahmi. Ukara sing apik ndadikna suasana pas kue dadi lancar, cair uga oranana perdebatan cepet rampung tur ora mbabrah tekan endi ora, merga nek ora searah negesna setuju sering marakna perdebatan, kondisi kaya kuwe olih nek pas rapat, dengar pendapat, ijma qiyas, ijtihad, bahtsul masail, asal sing pendapate apik uga unggul dasar hukum karo logika uga itungan menungsa, mula ana kahanan sing beda pancen digawe pertemuan kanggo ngleburna pendapat sing beda kanggo nemokna solusi.

Angele, nek neng pertemuan satu arah kayata neng kahanan dudu neng militer, siap, inggih, sering mung nggo lamis lambe, nglombo beda neng ati beda neng kasunyatan. Utawa bingung lan wedi, bisa ana satpam, ngerti aturan parkir, karo tukang parkire pada bae ora ngerti ngarahna parkir, ndi sing nggo khusus barang drop, ndi sing khusus drop tamu, ndi sing nggo pimpinan, taun temaun domongi siap tetep bae sekang pejabat tekan pelaksana ora mudeng nek ora domongi.

Senengane nyawang kegiatan bagian liyane salah, bagiane dhewek ora keurus keton ora profesional merga ora introspeksi. Nganti ana satpam sing senenege mung adzan, ana parkir salah embuh, ana titipan barang embuh, ora usaha gawe aturan ben kabeh kelayani.

Kahanan lamis sering kedadean neng sapa bae sing krasa gaweane paling ubed paling loyal, akhire sering mutung nek ana wong sing dianggep anyar nglebokna pendapat utawa keton cedhak pimpinan, dudu malah nyedhaki pimpinan sing uwis dikenal suwe mending mogok ora kerja njagong ora produktif merga krasa paling suwe dadi karyawan, ora ngajari kabecikan etos kerja, malah gemedhe esih crita jaman gemiyen kepriwe tandange. Wayah pensiun njaluk diperpanjang, ora kerja sering alasan mriyang ora gelem ngundurna diri.

Beban perusahaan, organisasi utawa Instansi dadi abot merga akeh karyawan sing ora kreatif, seneng mangkat kerja, nunggoni prentah pegawean, golet mangan wayah istirahat, banjur nunggoni wayah bali, angger ana sing kesalahan liyane bisa tekan sekabupaten krungu. Ana perawat njaluk diterima, kon jaga pasien covid ora gelem, mending mengundurkan diri, dudu kepriwe bareng ngrantasi kekurangan merga keterbatasan, mending nyacad institusi sing kewanen nulung menungsa covid, padahal penyakit kawit mbiyen sing disebabna virus bakteri uga jamur wis padha biasa ngrantasi, mung bedane covid lewih cepet merga mutasi.

Kudune ya sesuai sumpah uga cita cita dadi perawat, dokter uga kabeh sing kerja neng medis, neng kepolisian,neng kabupaten, neng pasar, kabeh resiko ketularan pada bae, malah neng ndunya medis wis keton ibarate bom ranjaune neng ndi, ketimbang rika pada neng mall uga liyane, polisi sing aktif muter uga liyane. Kabeh mau merga nduwe kekuatan kekebalan awak sing sehat sedulur-sedulur mau lewih kuat uga tanpa gejala nek ngalami kahanan ketular, ketimbang menungsa sing jarang olahraga uga nduwe penyakit liyane.
Babagan iya ning ora iya, nggih ning ora kepanggih uga sering kedadean neng rumah tangga, utamane neng babagan pengertian ketaatan kepatuhan kodrat miturut kepercayaane agamane dhewek. Merga jaman emansipasi demokrasi keterbukaan emansipasi, akeh wong wadon sing ora paham kepriwe resiko nek wis umah umah, ana aturan sing ngerti kudu dileksanakna ning ora gelem dilakoni.

Pada bae karyawan utawa pegawe mau neng nduwur, gelem dadi pegawai ning moh ngrantasi gawean. Semana uga wong wadon wis ijab qabul kelalen nek jane dadi wong wadon kuwe sandangane wong lanang, ana norma aturan sing kudune ditaati. Ibarate siki aturan kebiasaan anyar, numpak sepur, numpak motor mabur kudu test covid ndisit.

Kahanan kebiasaan anyar kue rika padha jane wis nglakoni, ganu bayi ora klamben, sekolah SD seragam abang putih, sekolah SMP biru tua putih, sekolah SMA abu abu putih, Pramuka korjasena coklat nom coklat tua.

Kabeh kuwe merga kesepakatan, anehe menungsa tambah tuaha nek watek ya ora paham kesepakatan, kerja pindaha sekang satpam, maring klining, pindah loundry watek males, senenge nyawang kahanan wong liya ngresula karo kesele pegawean ora bersyukur ana kerjaan tetep, sering nglombo gawe alesan werna werna. Anehe maning angger ana prentah direkture sing temenan malah ditabrakna karo pendapat atasane, padahal atasane pada bae sering ora mikir lewih amba, akhire cupek.

Nggih mboten kepanggih sering kedadean merga kebutuhan, akeh menungsa merga kepepet rumangsa bisa banjur nglewihi kompetensi sing kudune dudu bagiane. Ana asupan panganan bisa ora nganggo resep dokter, nek alergi sing tanggungjawab sapa, ana aturan ora aweh obat, alesan nulung banjur aweh obat, dikon nglengkapi sarat sungkan alesan radue biaya, akhire akeh wong nduwe motor ora duwe surat surat, akeh bangunan salah kontruksi, selokan ora kuat nampung banjir uga liyane.

Kabeh mau merga menungsa seringe nggampangna tanggungjawab. Mayuh jaman kebiasaan anyar mulai ningkatna legalitas uga kompetensi dhewek dhewek, wong neng agama ya wis diajarna, wehna perkara maring ahline, dadi neng rumah tangga wong wadon kudu dadi ahli suarga aja dadi nerakane wong lanang. Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !