Pneumonia

Kawit wingi kaki bihin watuk bae. Mangsan covid jere wis rampungan tapi ana bae wong pada watuk flu pileg uga radang tenggorokan rasane awak rumab karo pegel linu.

Jenenge kaki bihin anu biasa neng gaga biasane banjur nggodog jae karo serai mari. Ning kiye urung mari-mari, priksa dokter neng Wangon jere diagnosane jere pnemonia. Merga penyakit kuwe banjur dirujuk kon nginep neng puskesmas.

Pnemonia kuwe penyakit radang paru-paru merga infeksi. Gejalane bisa ringan tekan abot gemantung ambane daerah paru sing kena. Ning akehe kahanane dadi cepet dadi abot merga paru paru kuwe gerak terus selawase menungsa esih Urip.

Gejala Pnemonia sekang watuk dahak, demam, tekan sesek napase. Wong Jawa sering njenengi penyakit kuwe karo paru-paru basah. Merga bagian paru paru sing maune dadi kantong-kantong udara (alveoli) kebek cairan utawa nanah sing marakna wong sing kena dadi esek nafas.

Mriyang Pneumonia bisa disebabna merga infeksi virus, bakteri, utawa jamur. Salah sijine SARS-CoV-2 sing nyebabna COVID-19. Uga bisa bareng karo penyakit liyane neng paru-paru, TBc paru merga kuman TBC uga bisa tekan balung, utek nganti kelenjar.

Miturut WHO (World Health Organization ) nyebutna neng taun 2019, akehe 740.180 ninggal merga pneumonia. Penyakit Pneumonia bisa disebabna neng infeksi bakteri, virus, uga jamur.

Virus sing umum nyebabna pneumonia kuwe virus influenza, respiratory syncytial virus (RSV), uga SARS-CoV-2. Sing paling sering, bakteri sing nyebabna Pnemonia yakuwe kuman Streptococcus pneumonia.

Gejala pneumonia akeh variasine. Ning umume watuk berdahak, demam, menggigil, sesek napas, nyeri dada pas napas uga watuk, mual uga muntah, nafsu makan ngilang, uga awak gampang kesel.

Neng dokter biasane diwei antibiotik broadspektrum disit nyambi dikultur dahake dadi ben ngepasi obate sing resisten uga sing cespleng.

Kahanan mangsan udan sing terus terusan kaya kiye marakna hawa lembab uga adhem. Mula Rika pada kudu njaga kahanan awak, ngombe vitamin, ora kontak karo wong watuk pilek kiwa tengene, nganggo masker aja sering neg keramean, uga njaga jarak uga cuci tangan angger arep pada madhang utawa ngupil.

Pemerintah wis mbantu masyarakat bangsa negara duit akeh kanggo nylametna bangsa kiye sekang penyakit pandemi wingi. Ana nggo vaksin, mbayari tenaga kesehatan, mbayari obat covid uga liyane sing ana gandeng rentenge Karo pandemi wingi.

Mula wake dhewek jane bisa mbantu pemerintah nek awak dhewek mudeng soten. Angger ora nduwe rasa pengin mbantu negarane dewek nggo ngupayakna kesehatan ya rika pada bae ngancurna negarane dhewek , merga ora manut apa apa sing uwis didadikma program utawa rencana stragis liyane.

Kepenake ngomong penyakit jenis kuwe merga gejalane sing khas sekang demam, sesek nganti watuk ngikil ora mari mari , marakna bisa ditumpangi penyakit bakteri paru sing spesifik sing akeh nulare yakuwe TBC. Mula kuwe neng watuk aja di cangar cangarna karo batire, wis wayahe nek watuk ngumpet ,kelilaan (*)

Beri komentar :
Share Yuk !