Psoriasis

Polahe Sangkron karo Mister gojegan bae. Merga weruh wong gatel jerena kaya ula merga kenang sawab neng Sendang Kalitaman Sipedang, merga nguyuh sembarangan ngarep petilasan sing ana neng njero Pulasari Garden. Banjur crita ngganea watuk pilek gatel diempani iwak kadhal apa daging bajing mari tah, hobine mbedhil Karo mlitheng arep dilanjutna. Sejane penyakit wong kae anu apa banjur Sangkron ngirimi foto karo kancane sing dadi dokter, banjur dijawab psoriasis.

Psoriasis kuwe jenis radang neng kulit sing nyebabna kulite wong kaya sisiken, kandel, banjur nglotok, kadang uga dadi gatel. Psoriasis biasane neng kulit bagian dengkul, sikut, punggung bagian ngisor utawa beyekan tekan neng kulit sirah.

Neng Babagan nglotoke kulite Rika nyong pada sing normal ana proses pergantian kulit sing perlu wektu sewulan sepisan. Ning nek neng penderita Psoriasis bisa ping sepuluh lewih cepet timbang wong normal. Mula nek ora nglotok banjur ngandeli kaya kapal. Ning rapuh bisa nglotok kaya sisik.

Penyakit kiye senajan wujude nggilani ning ora nular. Bisa kedaden neng sapa bae sekang bocah tekan wong tua. Apamaning sing nduwe keturunan maune nduwe lara kuwe. Penyebabe urung jelas. Mung jerene ya merga genetis karo autoimun utawa kekebalan awak, mula sering pada kumat angger setres, infeksi liyane, uga hawa adhem.

Mulane sering kedaden gatel rumah nganti mingguan trus ora kumat suwe. Banjur kumat maning nek lagi ana tekanan stress maring awak uga kejiwaane, bocah sekolah ya angger arep tes ujian uga ngadepi pelajaran angel sering marakna kumat.

Nek dokter kulit, sering aweh obat oles, obat tablet, obat suntik, utawa terapi khusus karo pancaran sinar ultraviolet. Akeh sing ngomong, ben nyegah kumat, wong ing kenang psoriasis bisa mandeg ngrokok, ngelola stres, ngonsumsi panganan bergizi seimbang, uga nganggo tabir surya nek kegiatane panasan.

Kuwe mau psoriasis, dadi Rika pada esih kemutan sebab penyakit kuwe bisa sekang apa bae. Sekang gawan bayen, keturunan, trauma, metabolik, infeksi , hormon, radikal bebas tekan keganasan kudu mulai ngerti kepriwe nyegahe.

Nek bisa nyegah marakna Rika pada sehat anak putune uga kuat nerusna mbangun bangsa tembe mburine mbesuk. Ngganea temenan, kuwe salak Sipedang didadikna panganan antioksidan sing dipangan dibagi saben dina Jumat se-Indonesia kayane ya bisa ngirit, ningkatna rega salak, uga marakna kabeh bocah sekolah, karyawan PNS nganti swasta pada ngonsumsi antioksidan alami sing marakna kekebalan awake kuat.

Mungkin kuwe uga sing marakna wong Banjarnegara pada sehat sehat, merga mangan salak njeprah wong regane mung telungewu sekilo nek tuku petani. Ngganea Sangkron, Jumal, Alim, Mister pada gelem gawe martabak salak, apa lumpia salak ,puding salak uga liyane kayane rega salak ya bisa tambah dadi ningkatna ekonomi rakyat. Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !