Tendinitis Achilles

Lik Mukhtar nembe bae bali sekang kebon. Winginane bar panen buah naga sing ora akeh, wong ditandur neng tritikan nggo nduwe-nduwe. Mung anu mbuh kepriwe siki banjur ngrasakna lara neng nduwur tumit sikil tengen.

Maune dikira mung kram merga met karo njinjit-njinjit anjlok-anjlok, ngranggeh buah naga sing cemathel neng lanjaran sisi lor merga diwei pring mandan duwur nggo kuat kuat balung wite.

Merga kelaran wis rong dina banjur telpun kakange, pak Sidik sing jere nembe bae mari sewise ana seminggu uga pegel tumite tekan entho-entho kiwe. Maune padha bar ngranggeh woh klapa gading sing ujare endhep jebule duwur banjur njajal mluncat malah kejethit.

Banjur jere priksa dokter saraf diwei obat anti inflamasi non steroid. Dijenengi penyakit tendinitis achiles kiwe.
Tendinitis Achilles yakuwe cedera utawa radang neng tendon achilles, wong Banyumas ya nggon otot sikil nduwur tumit.

Tendon Achilles kiye anu sekumpulan otot sing ngubungaken balung betis maring balung tumit. Nek tendon kiye ngalami cedera bisa nyebabkan nyeri uga bengkak senajan gerak sithik merga lara.

Tendinitis akeh istilah liyane. Sing sering disebutna tenaga kesehatan liyane kayata tendinitis, tendonitis, tendinopati uga liyane.

Tendon kuwe jaringan bentuke lembaran pita atos wuled, fleksibel, uga berserat, sing nyambungna otot maring balung ben bisa gerak nek kontraksi merga ana ros-rosane.

Senajan mung penghubung ning nek otote akeh kerja, tendon ya kena akibate utawa dampake. Utamane nek tekanan mendadak marakna tendon dadi rusak, suwek utawa tugel.

Tendonitis, utawa tendinitis, kuwe peradangan neng tendon. Tendinitis kuwe jane jenis tendinopati, sing umume dinggo kanggo ngrujuk jenis cedera utawa kondisi sing marakna tendon krasa nyeri, bengkak, utawa nurun kemampuan kerjane.

Peradangan neng tendon Achilles biasane dialami neng wong dewasa lansia merga proses penuaan. Semana uga aktivitas berulang neng wektu suwe bisa micu radang tendon Achilles kiye. Sing kena biasane olahragawan pelari jarak jauh, dokter spesialis bedah sing njanggleng suwe, utawa olahragawan sing mlumpat mlumpat kaya pebasket utawa lompat tinggi (jumper).

Neng ilmu kedokteran pancen kabeh penyakit ana sebab musababe, Rika nyong padha angger maju tuwa kuwe otote urga organ liyane ora kuat jaman nom gemiyen, cidra sethithik Bae bisa marakna kedaden marine suwe merha sel jaringan organ wis pada degeneratif, maju tua.

Mula kudu ngati ati, kelebu nyegah tendinitis ya kudu aja ana gerakan ndadak sing bisa mantheng otot uga balung sing dadi panggonan tumempele tendon mau. Nek tendon renteng ya larane kaya kebethot.

Lara nyeri uga terus terusan , mula nek atlit kena cedera tendon uga ligamentum tekan Otot diskon istirahat minggunan nganti wulanan ora olih melu tanding disit.

Semana uga awake dhewek , apamaning angger duwe komorbid gula kolestrol, asam urat, tua, utawa liyane, pembuluh darah wis ora lancar merga kethel, pembuluhe ora elastis, pompa jantunge lemah, marakna nek kenang penyakit ya suwe mari.

Mula mayuh padha sing ati ati karo ngaca kahanan awake dhewek padha, maju tuwa kudu waspada, nggolet kegiatan manfangat nggo sangu akhirat Ning kudu ngerti kahanan , aja digenjot kaya jaman nom Bae. Kelilaan .

Beri komentar :
Share Yuk !