Wates

Menungsa rika nyong pada nduwe wates, mulane ana rasa wedi. Rasa wedi mau kedaden merga awake dhewek rumangsa nduwe kekurangan. Kekurangan sing pancen dadi olih pangerten wong liya merga wis diterima kekurangan awake dhewek, rika padha neng wong sekitare dhewek, mulane angger menungsa sing dianggep mampu ning ngomong ora bisa paling domong ndableg, males utawa jahiliyah.

Ning nek rika pada duwe lara jantung ora kuat mlaku adoh, ngos ngosan nek manjat banjur wis dipahami neng lingkungan, wong ora bakal protes, ning nek rika pada ora nyadari kuwe kabeh, nembe digeser sekang jabatan merga dianggep ora mbantu kebijakan pimpinan ya langsung gela, uga jengkel.


Babagan lara ati, biasane merga wong ora paham. Lampu abang ditrabas njur ditilang jengkel, demo anarkis ditangkep bisa uga dianggep ora demokratis, rumangsa pinter jebule ora bisa ngimbangi kebijakan pimpinan. Diwei bebas kerja lewih seneng jagong dolanan HP timbang mikir gawe aturan, rembugan protokol, uga liyane. Nganti gawe denah parkir uga cara ndisiplinke panggonan drop zone bae sewulan ora ramoung,, nduwe usaha ora mudeng aturane, ditegur rumangsane meh dibredel.Semana uga ana wong neng hotel, nek esih ana tamune ora diwei slimut 3 dina, sarapan telat nganti 4 jam, banjur manajer ditegur jengkel mbelani anak buahe, nyalahna listrik mati, kabeh oranana kreativitas neng perjuangan. Nek neng organisasi kabeh sing mikir direkture, percuma diangkat dadi manager, apamaning oranana solusi kepriwe ben slimut teka pas tamu teka, sarapan teka pas wayahe uga liyane.

Babagan diwei tugas uga sering banget, diwei pegawean bisa bae nyalahna dudu tugase, dudu bagiane, akhire weruh sampah sekitar kantor oranana sing njiot utawa lapor petugas kebersihan, ana spanduk nyingkap ora lapor sarpras, ana lampu mati dijorna bae, kran bocor meneng bae, akibate sing rugi perusahaan merga mbayari kebocoran kuwe mau.

Ana maning sarjana pertanian nganti bingung carane nandur wit witan nganti didol ningkatna ekonomi, dokter nganti ora golet kompetensi tambahan, kerja neng dinas sosial weruh wong gemblung neng dalan ora digoletna rumah sakit ben marikna njur dibiayai pemerintah, uga esih akeh liyane.

Awake dewek akhire sering nyalahna wates, kadang nek diwatesi ngomong ora diwei ruang gerak, diwei wewenang ora gelem nglaksanakna tugase, dadi diwei jabatan apaha nek ora nglanggar perintah akhire ora gawe kreatifitas. Sering males kerja akhire sing penting mangkat, sing penting menuhi wektu jam kerja, ora duwe jiwa relawan, mikir awake dhewek, ora gelem brayan kepriwe ben kancane melu waras uga mulya, merga watek medhit utawa pancen bodho.

Kedadian kaya kuwe sayange sering banget dialami awake dhewek kabeh, rumangsane bisa banjur ngomong komentar kaya penonton bal balan, rumangsa ora bisa merga sejatine males utawa emoh mikir. Ora rumangsani nek bayarane, gajine sejatine ora dadi berkah merga ora ngayahi kewajiban standar sing kudune dadi cekelan waton sing kuat. Kedadian kuwe neng kana banjur diarani amanah apa orane menungsa ngayahi urip neng ndunya, ora tekan wates apa ngliwati wates. Kelilan.

Beri komentar :
Share Yuk !