Diabetes

Jumal gojegan bae karo Mister sesuk merga kancane sing mandan tuwa jere awake semuten terus Karo angger mbengi ora teyeng aweh nafkah batin karo bojone. Banjur pada gojek merga kenang gula kuwe Rika kang.

Pancen salah sijine komplikasi wong kenang diabetes utawa gula kuwe ya gangguan aliran darah njero pembuluh darah. Merga darahe kenthel kakehen gula sing numpuk merga ora keserap organ, sebab kadar hormon insuline awak rendah utawa malah wis ora diproduksi neng pankrease pasien sing kenang diabetes.

Diabetes kiye kegolong penyakit sing kronis utawa suwe taunan. Tandane kadar gula (glukosa) darah wong sing kenang kuwe dhuwur terus. Senajan Glukosa kuwe sumber energi sel neng njero awak menungsa, ning nek numpuk ora keserap sel kanti apik marakna darah menungsa kenthel banjur alirane ora lancar. Banjur ndadikna gangguan jaringan uga organ awak, nganti bisa marakna komplikasi jaringane ora fungsi. Sikil kulit otot pada bosok uga liyane. Tekan sumbatan darah njero utek tekan njero otot jantung sing marakna gangguan jantung. Tekan kabeh organ njero awak sing ngetokna hormon, dadi ngganggu metabolisme neng njero awak.

Sejatine kadar gula njero darah kuwe ana sing ngontrol. Jenenge hormon insulin sing digawe njero pankreas, sing letake nempel neng dinding mburi weteng sisi nduwur, mburine lambung, telihe menungsa.

Pankrease wong kenang diabetes ora sanggup maning gawe hormon insulin. Merga maune kerja kakehen nanggulangi kakehan gula sing terus terusan mlebu sekang ombenan karo panganan sing dikonsumsi neng menungsa kuwe, kejaba pancen ana sing sekang keturunan.

Merga insulin kuwe kangelen digawe nganti wis ora diproduksi neng pankreas. Awak dadi ora bisa mecah uga nyerap glukosa dadi energi. Mula wong gula dadi lemes, semuten, nyeri, geringgingen nganti mumet karo trataban ora mandeg.

Ditambah angger keluarga lingkungane ora mudeng pancen duwe bojo utawa rama biyung kenang gula kudu digawe aso, seneng-seneng uga los aja di intimidasi karepane lingkungan.

Neng ilmu kedokteran, diabetes dibedakna dadi rong jenis. Yakuwe diabetes tipe 1 uga tipe 2. Diabetes tipe 1 merga sistem kekebalan tubuh pasien nyerang uga ngancurna sel-sel pankreas sing gawe insulin. Banjur kadar gula numpuk merga ora nana sing mecah uga sing nyerap. Diabetes tipe 1 kiye dikenal uga karo diabetes autoimun.

Nek type diabetes tipe 2 disebabna sel-sel awak kurang sensitif maring insulin, dadi insulin sing dihasilna ora teyeng dinggo kanti maksimal merga resisten sel awak karo insulin . Insuline dicueki uga ora dianggep ana merga ora sensitif , 90-95% wong neng ndunya kenang diabetes tipe kiye.

Seliane rong tipe kuwe uga ana wong kenang diabetes merga meteng diarani diabetes Gestasional merga perubahan hormon. Nek metenge wis lairan biasane normal maning.
Wong kenang diabetes biasane gejalane ngelakan, kencotan, nguyuhan, cepet gering, gampang kenang penyakit infeksi, lemesan, pandangan gampang kabur, nek ana tatu ora mari mari, sering gatel, impoten, gampang tersinggung merga uteke kurang oksigen, sikil sering padha lara, semuten, kelek selakangan, gulu metu bercak ireng , (akantosis nigrikans) sing dadi tanda nek wis resistensi insulin.

Nek wis kaya kuwe biasane komplikasine ya mulai kena, kaya hypertensi, kolesterol dhuwur terus, penyakit jantung, stroke, gagal ginjal kronis, neuropati diabetik, gangguan penglihatan, katarak, depresi, demensia, gangguan pendengaran nganti Frozen.

Rika pada nek lemu, umure wis mulai patang puluhan ndang pada cek, utamane nek pengin ngerti kenang diabet apa ora. Ndang dipriksa kadar gula darah, ana sing sewaktu, ana sing kudu puasa rong jam, ana uga mriksa kadar HbAic.

Sing jelas ya priksa disit karo dokter, medical check up rutin, banjur konsulltasi uga njaga Ben awake dewek ora keblebeken kakehen asupan gula sekang njaba kakehen. Mayuh ada njaga bareng , ora ngomeli,ngomehi wong sing mangane jor joran, Ning mbiasakna nyontoni sing apik, sukur rutin puasa . Kelilaan.

Beri komentar :
Share Yuk !