Gress

Sugeng warsa enggal lur. Wis ngobong kembang api utawa mercon sreng dor apa mung nonton mau bengi neng alun alun neng kotane rika dewek dhewek. Kembang api Karo mercon nandakna kebiasaan menungsa nek ana acara apa bae gawe kahanan sing marakna bisa diemut-emut kanggo nandani kedadean wektu sing dirayakna.

Ana ganti taun ana mercon, ana bedhug, ana kegiatan liyane kumpul kumpul. Jaman gemiyen ana sing nabuh kenthong utawa bedhug, ana uga acara adat mbakar kayu nggo gawe api unggun. Banjur nemokna bahan sing bisa njedor terus digawe mercon, banjur ana sing bisa marakna tekanan duwur marakna mumbul banjur gawe roket roketan lan seteruse.

Mlebu taun 2020, rika pada kudu ngrasakna momentum kiye nggo ndandani cara sing kurang utawa salah. Jaman siki kabeh distandarisasi diwiwiti sekang jenis panganan, halal haram, uga kerjaan. Nek rika pada kerja neng institusi utawa lembaga, banjur dijenengi akreditasi. Kabeh kuwe usaha menungsa kanggo madakna kepenginan karo apa sing diangena siji liyane urip brayan neng dunya. Kanggo madakna kuwe banjur menungsa gawe aturan kepriwe ben apa sing dilakoni gampang uga dilakoni liyane. Apa sing dilakokna menungsa banjur ana sing dianggep formal ana sing dianggep non formal, banjur ana sing dianggep formalitas banjur dianggep protokoler ana sing ora nganggo protokoleran.

Kedadian menungsa kerja karo koordinasi siji liyane pancen kudu dingerteni bareng, uga kudu dirembug banjur ditulis, diwaca, banjur dilakokna. Akeh wong biasa kerja ora nganggo formalitas marakna regejegan, angel dipertanggungjawabkan karo liyane banjur dadi fitnah. Merga menungsa lewih seneng kerja ndeleng wong liya mulane lewih sering ngrasani karo ngala ala kerjaane wong liya, padahal kerjaane awake dheweke urung mesti wis bener.

Sejatine akeh wong mung seneng prentah utawa njaluk tulung liyane kanggo ngrantasi tugase, sawetara dheweke lunga nglakukna keperluane awake dhewek. Ngundang rapat ora teka, ngakune kerja liyane jebule jagongan ngopi neng warung. Kedaden kaya kuwe nandakna menungsa akeh seneng ngobrol tinimbang tumindak, duwe usul uga kegiatan akeh, nyatane nek dipasrahi gawean oratau rampung uga bingung carane mlaku, ning nek ana kanca wis mlaku isine mung ngritik apamaning angger jenenge ora ketulis bakal ngomong Ora melu melu nek ana apa apa. Ning nek arep dipelokna takon uga arep olih apa. Mental kaya kuwe artine sejatine wong egois, ora bisa brayan gawe aturan, ning cocoge dadi pekerja orabisa dadi pimpinan, bisane diwei kerja banjur dimonitor wis tekan endi gaweane.

Taun anyar gress kiye, kudune awake dhewek kabeh ningkatna mutu uga kompetensi karo peran fungsine dhewek didadekna pimpinan neng urusan beda beda termasuk urusan rumah tangga. Wong sing pikirane mayeng ora fokus karo instruksi garis lurus kedinasan, meleng karo aturan marakna organisasi alon mlakune, marakna ora jalan programe, ora tekan tujuane. Gawe program ora bisa Nglaksanakna, anane gujih ngributi gawean liyane. Alasan legal tapi ora teyeng gawe legale, ngomongi kon nglaksanakna aturan, ning ora mudeng kepriwe njalana aturane, akhire urip sepenake dhewek. Sing dipengini apa diributna karepe dilayani, ora gelem tumindak dewek.

Mayuh lur, wis mangsane nyong rika padha introspeksi, sepira kekuatan uga kepinteran karo kedisiplinane awake dhewek, ningkatna hasil ora mung mikir proses, carane kerja ora ngobrol apamaning wis tuwa isine mung ngegame karo nonton YouTube utawa dolanan HP sing oranana faedahe, entong wektu, entong biaya, oranana hasile. Kejaba rika nonton utawa mbukak internet kanggo ndeleng, nonton, mbandingna pegaweane dhewek karo standar sing apik neng bahan sing di upload wong liya neng dunya maya. Hiburan olih ning aja kebablasen. Kelilaan. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !