Kolesistitis

Jumal nembe bae bali kerja sekang Rumah Sakit Islam Bawang Banjarnegara. Jumal banjur disambat tanggane neng Desa Sipedang Banjarmangu, merga lara tuntung atine tekan pundak mburi sisi tengen, apamaning angger nafas jero.

Wonge kue senengane mangan gorengan. Mau bae bar mangan gorengan akeh banget. Senajan sering lara kaya kuwe bar mangan gorengan deweke esih tetep bae nduwe hoby njambali gorengan senajan ora karo sega.

Nek kontrol mantri uga puskesmas seringe diwei obat lambung, uga obat pegel linu banjur mari, mangan maning. Domongi senajan lemu ya esih bae.
Kedadian mau banjur neng jumal dilaporna maring kancane sing uga dokter merga kenalan gemiyen pas sikile tugel, ilang kulite banjur dioprasi. Trus tekan siki dadi kanca, senajan dheweke dokter.

Jerene kuwe radang kantong utawa saluran empedu, nek neng kewan ya sing radang peru. Ya kantong empedu kuwe dijenengi peru, banjur diarani cholesistitis, yakuwe peradangan sing ngenani kantong empedu.

Kantong empedu kuwe organ nggo nyimpen cairan empedu, yakuwe cairan sing perane penting neng pencernaan lemak njero awak.

Kolesistitis bisa kedaden ijig-ijig, (akut) utawa uwis suwe (kronis). Akehe kolesistitis akut merga sumbatan neng saluran empedu nek pas bar mangan lemak merga saluran empedu nyalurna banyu empedu sekang ati. Nek kolesistitis kronis biasane merga peradangan, merga bolak balik kenang kolesistitis akut, marakna kantong empedune kandel uga kaku. Banjur dijenengi porselene gall bladder ( kantong empedu sing kaya porselen), gampang pecah, gampang infeksi uga marakna numpuk endapan empedu dadi tambah suwe dadi watu.

Kedaden radang kantong utawa kandung empedu dewek maune merga sekresi empedu sering kakehen. Merga, banyune empedu keseringen kerangsang metu akeh merga akeh lemak njero lambung. Kuwe mau sejatime normal merga empedu kuwe diperlokna nggo mecah lemak ben dadi netral mlebu usus alus ( emulsi lemak dadi cairan ).

Kedadian sering terangsang kuwe marakna kantong empedu sing fungsine dadi reservoir saluran ben metune ngepasi keperluan, banjur dadi radang. Terus bisa dadi kenthel, dadi watu, utawa njendil dadi tumor sing ngganggu, uga mbumpeti klep luang neng ati ( ductus hepatikus),luang neng usus ( ampula duodeni) uga bisa bae numpuk neng saluran utamane ( ductus choleducus).

Dadi bumpetan kue bisa merga watu empedu sing biasane watu kolesterol, Belet Bilier merga campuran cairan karo uyah empedu, penyakit infeksi, penyakit gula sing marakna kurang lancare perdarahan saluran empedu, utawa tumor neng saluran empedu.

Kejaba kuwe faktor resiko liyane uga kedaden neng wong wadon, wong lemu, usia nduwur 40 taun, wong meteng,uga sing mangan obat terapi hormonal utawa kakehen mangan obat kolesterol ora dikontrol neng dokter ( simvastatin).

Rika pada sing lemu utamane wong wadon usia nduwur 40 taun, kudu waspada nek nduwe gejala kaya maagh ( gastritis) ora mari-mari. Yakuwe mual muntah lara dada sisi tengen,tekan pundak kanan karo gigir kanan. Pas bar mangan berlemak sing kakehen, kembung, nafsu makan ilang, demam apamaning nek ngising kaya dempul warna kuning pucet, tekan mata putihe dadi kuning ( ikterik) ndang maring UGD. Banjur njaluk Konsul dokter bedah karo penyakit dalam banjur njaluk USG. Merga nek nganti kedadean telat rika pada malah angel diobati , merga bisa komplikasi dadi keracunan empedune dhewek, atine rusak uga ngrusak awak kabeh.

Mula njaga mangan kuwe perlu, aja kakehen. Mangan sing kakehen apa bae marakna kedaden awake dewek ora kuwat organe, rusak siji siji. Nek rika sering mangan jor-joran, jane neng agama ya dilatih puasa , mbuh wajib utawa sunah kuwe becik nggo rika padha. Kelilaan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !