Latah

Sugeng sehat waras bregas semangat neng ndunya, makarya, mikir, seneng susah kabeh rika nyong pada ngalami. Sing urung ngalami gari mati, senajan kuwe kabeh wis ana pesthine rika nyong pada wis mudheng, gari ngadepine pada kepriwe nyiapna wektu mati, merga wong mati wis ora bali neng alam ndunya, ning lunga nerusna neng alam seteruse, alam kubur nganti akhirat. Ngalam ‘garba’, ngalam ndunya rika pada wis ngalami, merga uga awake dewek kiye ngimani, semestine kedadian kuwe bakal dilakoni.

Carane mati menungsa beda siji liyane, nek miturut kesehatan, wong mati merga mriyang, lara sing nyebabna fungsi sel, jaringan tekan organ awak ora fungsi. Merga gelem neliti gelem niteni hebate ilmu Allah, ilmuwan kesehatan mbagi penyebab penyakit ana Pitung perkara, yakuwe gawan bayen (kongenital), infeksi (kepapar virus, jamur, bakteri), metabolik (merga pola mangan ngombe uga urip liyane), hormonal, degeneratif (penuaan sel), neoplasma (owahe sel), trauma (kacilakan).

Wis pada ngerti ana sebab wong mriyang mati kaya mau, kudune menungsa bisa nyegah ben ora kedadian neng lingkungane dewek, ya sepethile bisa ngurangi ben ora marakna sing kena. Kahanan ngerti kaya kuwe jebule tetep bae ora paham, sejatine kenangapa angger ana kedaden sing marakna mriyang utawa mati, menungsa lewih seneng nyalahna uga ngributi brayane dewek tinimbang ngerteni kabeh usabane kanca bathir kabeh merga kahanan. Latahe rika pada marakna nambahi ribut suasana, merga menungsa pancen wis ditakdirna akeh sing suudzon tinbang khusnudon.

Rika pada lewih seneng nyalahna pemerintah merga beda pendapat karo pikirane dhewek tinbang mikirna lingkungane dhewek. Awak urip neng ndesa ngomentari masalah tekan tingkat negara, marakna ngributi, dadi kemutan lagune kange Ebiet.. dalam kekalutan, masih saja ada tangan yang tega berbuat nistha… Ho ho ho.

Ngrusuhi merga gela data beda-beda be misuh, ora ngerti njajal dewek kon ngetung beras segegem, karo kanca bathir wong lima bae bisa bedha, apa maning laporan data sekang wong sing ora dikenal, dilebokna neng pos sing bedha, jam bedha, koh dipisuh nganti ngomong silit pitik, tai basur, ora profesional uga liyane, jane mudeng apa ora nek data kuwe mung ana nggo pepeling nentukna kebijakan uga strategi. Lah rika pada mung pengin ngerti nggo nyebarna brita kon keton valid uga eksis ning rareti carane angele ngetung rata-rata uga deviasi. Akhire latah disebar medsos dipeloni wong akeh.

Ndunya siki luar biasa wong kabeh ngadepi virus, ngadepi masalah, ngadepi bebendu karepe kabeh cepet. Nglawan ilmune gustiAllah karepe latah kaya ngadepi bocah njaluk permen bisa jaluk bisa utang bisa ngganti karo permen liya, ben ceper bocahe ora nangis. Babagan virus banjur latah kabeh nyalahna kenangapa lamban, kenangapa rung golet obat, kenangapa ora terbuka, kenangapa oranjaga profesi, banjur jengkel tuntut tuntutan ora gelem nrima penjelasane menungsa sing kabeh terbatas.

Latahe rika pada mayuh dikurangi, pahami nek kabeh wis kawit awake dewek dewasa bisa mikir mesti kudu sabar sareh uga pinter maca kahanan uga nafsirna ngerteni sebabe apa neng lingkungane dhewek kedaden wong pada nyalahna angger ana sing kepepet. Kabeh latah kaya dewek sing paling pinter, kabeh kaya dewek sing paling dewasa, kabeh latah ngetokna pendapat, kabeh latah karep diwei data kaya pusat statistik, kabeh pengin dilindungi privasine, kabeh pengin dipenuhi kurangane. Kabeh padahal wis paham nek urusan awake dhewek termasuk urip sehat seneng sedih uga liyane, kuwe gumantung awake dhewek, liyane mung bisa mbantu.
Nek oranana sing bisa mbantu, rika pada kudu paham kepriwe ngrantasi keterbatasan mau, mulane Gusti Allah mrentah puasa ramadhan ben ngerti nempa susah, ngajari khusnudon ben urip bisa mahami kahanan, uga liyane. Jaga kesehatan lur, mayuh nyambut ramadhan neng suasana darurat bencana covid. Brayan, paham, jaga jarak, aja setres, aja kagetan, aja gumunan, aja seneng latah nyalahna liyane, wayahe brayan ningkatna pertahanan tubuh dewek dewek karo mbantu sekelilinge ben pada slamet kabeh. Kelilaan

Beri komentar :
Share Yuk !