Mangsan Ketiga

Sugeng enjang lur,esih urung ana udan tekan siki neng nggone dhewek kiye.Banyu udan urun temurun mudun nggrujgi bumi merga kukuse neng lamuk durung kumpul akeh dadi senajan kesebul angin mudune esih dadi embun thok, urung dadi udan. Neng sisi bumi liya tah iya wis mulai udan uga banjir merga kukus neng lamuke wis pancen abot tur akeh njur ora kuat mbrobol dadi udan pas angine ndorong kuat.

Mangsan terang kaya kiye rika padha wis ngerti kabeh dijenengi mangsan ketiga. Neng babagan mangsan nyong esih kemutan ana jeneng mangsan liyane,antarane mangsan bedhiding ya kuwe mangsan sing neng njerone mangsan ketiga sing hawane adhem banget nek uput-uput esuk, akeh embun esuk, nganti kadang dadi es nek neng Dieng utawaneng dataran dhuwur liyane.

Neng mangsan ketiga kaya kiye kedadiane merga srengenge posisine adoh sekang ubenge rotasi bumi, marakna banyu ora nguap kegawa nduwur dadi lamuk sing akeh ngandung banyu ndadikna angele udan mudun. Kedaden alam kaya kuwe marakna tanah kurang banyu banjur mbledhag. Wit-witan akeh sing ora bisa ngombe, garing njur mati, rantinge garing dadi pampung, banjur tiba sing biasane bisa direpeki rika karo putune padha nggo gawe suluh nggo pranti gawe geni nggo indel.

Mangsan kaya kiye terus-terusan suwe neng basa Indonesia njur diarani kemarau panjang. Njur neng awake dhewek padha diterusna bisa mlebu mangsan paceklik, ya kuwe mangsan angel entuk mangan, merga mangsan ketiga ora nana udan jaman gemiyen golet buah dadi angel, pari gabug ora rebah merga langka isine, budin, bengkoang tales bae pada garing,wit gedhang ora woh, ternak pada ora mangan banjur pada garing semena uga menungsane melu kangelan mangan banjur pada mlebu mangsan Pagering, awake padha gering.

Jaman ganu, wong tani neng ndesa banjur ngalami mangsan pailan, mangsan rega barang bahan pangan sandang papan kabeh dadi Larang. Rika pada akhire ora teyeng tuku apa-apa banjur eram pada mlebu pageblug, akeh wong mati merga pada kenang penyakit, utamane jaman gemiyen pada kenang penyakit nular mutaber, uga liyane sing marakna pada mati.Jaman gemiyen kahanan kaya kuwe Rika pada brayan enyong pada tekan sedurunge ngalami mangsan angel kaya kuwe, siki kahanan kaya kuwe kayane mung ana neng Afrika, neng pengungsian, neng suku pedalaman. Nek sikine nggone rika pada wis maju, menungsa siki wis teyeng mbudidaya panganan uga pemerintah nata ekonomi lewih maju, pemerataan ya wis lewih amba senajan esih ana sing pada mbadog sega angking. Apa maning siki tekhnologi termasuk dana pembangunan karo bantuan langsung tekan ndesa.

Sejerone mangsan ketiga kaya kiye kadang seliyane kurang banyu, uga akeh penyakit pada ngancam rika pada sepada menungsa, merga kurang gizi akeh bayi sing dikandung banjurkurang gizi, bledug ladhu akeh kenang angin njur nemplok neng mata dadi beleken, mlebu irung banjur marakna wahin terus mlebu tenggorokan dadi watuk mlebu paru dadi kenang Pnemonia, demam mergainfeksi,nganti bisa nyebar bakterine mubeng sekabehing aliran darah neng awak banjur sepsis la nninggal. Anane kedadian kaya kuwe neng mangsan ketiga kaya kiye pancen mendhing ngiub njero umah baen, waspada uga njaga awak ben ora kurang cairan merga
dehidrasi kepanasen.

Moga moga wulan ngarep wis bisa mangsan Labuh. Rika pada ngarep-ngarep mangsan udan, mulai nyiapna lahan dipaculi, diwei galengan uga gawe luwangan nggo nampung banyu udan dadi ana penampung uga saluran ben ora pada banjir. Sing duwe sawah ya siap-siap labuh dipaculi ben srengengene mlebu njerone tanah nambahi unsur hara lemah. Bibite mulai disiapna nggo didedher dadi neng awal udan bisa nandur langsung ora ndadak bingung golet winih
sawetara mangsan rendheng wis tekan mengkone.

Siki mangsan ketiga wis dicontoni neng Gusti Allah neng kisah nabi senjerone Quran. Sejatine bar mangsan terang bakal ana mangsan udan, rika pada aja ketungkul nggasruh ngeluh kurang
Banyu, ning mulai waspada sing sapa lingkungane sering banjir mengko, siki kudu ngapa.
Semana uga rika pada sing wilayahe rawan longsor.Sing neng perbukitan ya mulai nata
terrasering, dalan banyu digawe miring, tombak bambu bolong tengahe mulai dipasang neng igir
jurang ben mbantu dalan resepe banyu nek lemahe keblebeken dadi ora longsor, kerja bakti
mbersihna selokan, uga kegiatan liya-liyane.

Kabeh mangsan ana carane ana cirine ana lakune dewek-dhewek, rika nyong pada wis
diciptakna dadi makhluk sing diwei akal diwei budi pakerti, apa maning neng jaman tekhologi
mayuh para brayan, kompak neng mangsan ketiga, kadang teparo sing pada kurang banyu,
mayuh dibantu.Kelilaan (*)

Beri komentar :
Share Yuk !

Tinggalkan komentar