Nyempil

Nyong rika padha esih bisa maca, nunjukna alat sing diwei Gusti Allah nggo ndeleng esih bisa digunakna. Ana irung bisa ngambung, ana ilat bisa ngecap, ana kuping bisa krungu. Kedadian kuwe sinergi uga harmonis merga ana utek, neng njero sirah.

Sing jelas ora nana wong ngantuk merga utek kurang oksigen banjur cangkem ora gelem angob, jajalen dilawan hasile ora kepenak. Semana uga pengin nguyuh dingken, pengin ngentut diempet, kabeh marakna Lara.

Semana uga organisasi, ana pendapat ora domongna, ana musyawarah ora diungkapna, akhire mbatek ngrasani neng mburi. Semana uga wong duwe utang akeh angger ora terbuka, akhire njiot duit nyempil nganah ngeneh merga ana tanggungan tapi ora terbuka karo kanca, pimpinan utawa wong sing bisa nulung akhire mbulet ngomong nggo investasi ini itu mbulet nyempili duit organiisasi, wis diwei duit nggo motokopi dinggo ndisit, utang mbayare, akhire nek wis numpuk nembe kewenangan bobroke.

Kedadian liyane banjur rika padha uga ngerti, akeh kedadian nender, spek dikurangi, diskone ora dibagi, akhire dalane rusak, konangan kualitase, isin ora aweh bagian nggo liyane, malah nggawe isyu banjur usaha ndemo, usaha gae isu uga surat kaleng, banjur sesumbar dewek gemedhe.

Sipat kaya kuwe aja diingu lur, merga apa bae sing ora jentel ditataki utawa jujur, marakna nglombo mbulet terus. Akhire nambah licik karo kanca kedadiane fatal. Ngaweh duit sejuta disempil selembar akhire mung 950 ewu thok sing diwehna, sing seket ewu disempil, ora ngomong. Banjur duwit nggo mbayar liyane ora dietung akhire isin sing aweh, kuwe watek ala tur tumpang tindih akhire ndi sing kanca ndi sing dudu, kejaba dosa marakna paseduluran, kakancan ora afdhol.

Menungsa kuwe kabeh nduwe kekurangan. Kekurangan mau kudu dimaklumi asal ora ditutupi. Kedadian kayamau rika pada esih akeh sing nglakoni ora terbuka, akibate wong sing iri banjur nganggep dewek ora sportif.

Ora sportife menungsa nyempil nganggo wong liya marakna sulaya merga sing disempili korban ping loro, siji dikhianati pas diwei, nomer loro pas ngoperna maring liyane.

Kedadian operan kerja sing ora lengkap uga marakna njiote keputusan salah, mulane neng organisasi aja ngasi sepisana nglombo kesatuan, merga salah komunikasi apa manimg urusan nyempil mau.

Akeh wong pengin nggolet duit karo sing ora bener rembugane marakna pasulayan uga pecah, sulaya, tuntut tuntutan uga liyane, mulane rika pada kudu teteg tatag tutug nek ngrampungi urusan apa bae. Aja ngasi ora rampung angger ngerjakna perjanjen merga mesti marakna rame, ribut. Mayuh mulai kebuka wawasane, kebuka atine, kebuka rembugane. Kelilaan. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !