Positip

Ben dina rika nyong pada wis mulai bosen krungu kalimat positip, ana positip rapid, ana positip swab, ana negatip dadi positip , ana positip tanpa gejala ana positip dengan gejala, ana positip wis mati, ana positip membaik. Mblenger ning tetep waspada tur melu brayan gotong royong nanggulangi kahanan sing mulai ana kedaden merga efek pandemi covid 19. Akhire rika pada persepsine beda beda nanggepi kahanan kaya kiye.

Rika pada paham anane pengumuman positip ben dina tujuane nggo ngapa, diumumna ben rika pada waspada uga ngindari panggonan sing ana wong kenang covid 19 mbok ndilalah rika pas kondisine ora apik njur ketular trus ora kuat, njur dikubur karo prosedur covid. Kahanan kaya siki jane upaya promosi karo prevensi sekang pemerintah ya wis dilaksanakna karo gayane pemerintahe dewek, beda beda sekang pusat tekan daerah uga antar daerah, merga nyesuekna kearifan lokal ngepasi kemampuan karo pemahanane dewek dewek ngadepi covid 19.

Sejane sepira akehe sing positip siki ya gemantung karo cacahe alat sing dienggo mriksa. Angger ngendelna pemerintah ya nunggu diwei, nek arep tuku dewek apa priksa dewek ya regane pada pasaran lembaga kesehatan sing mriksa. Sing arep mriksa mandiri ya gari tuku neng online njur dipriksa dewek kaya mriksa meteng tuku neng mini market. Ning nek positip banjur arep kepriwe.

Merga keterbatasan nggawe kebijakan. keterbatasan tenaga, keterbatasan alat, keterbatasan dana uga liyane, mulane carane mriksa sing mriyang bae sing asale sekang daerah sing wis tau ana sing positipe. Nek oranana gejalane ya mung dikarantina. Nek babagan kaya kuwe wis paham, rika pada siki kudu mawas diri, kepriwe carane jaga jarak, kepriwe carane ngisolasi awak, kepriwe carane nulung, kepriwe carane njaga awak sehat dadi ketahanan sel tubuh nglawan virus kuat.

Jenenge pandemi, wabah sing dimarakna neng covid 19 ndilalah titimangsane tambah akeh sing keton positipe bar diperiksa neng sekitare awake dewek, oranana liya awake dewek ndonga karo usaha kepriwe carane bisa selamet sijine cara njaga awak tetep sehat, aja ceroboh , njur bareng berjuang ngrawat bareng kabeh kanca dulur tangga kabeh Ben pada mampu ngliwati mangsan bebendu , pageblug kiye. Urip mulai sederhana, mulai brayan, aja boros, mangan secukupe, aja foya foya, uga liyane brayan nek weruh kanca urung buka, kangelan saur uga liyane kudu dibantu brayan ngamal ben rika pada olih pahala tur kanca batir keluarga kabeh dadi senate.

Neng njerone wulan puasa sing rika pada lagi dilatih daya tahan awake nahan mangan ngombe, percayaa nek sing dijalanna wong Islam sing beriman supaya taqwa kiye, bakal ningkatna ketahanan sel, jaringan, uga awake dewek. Sing kompak, ora usah nyalahna strategi ne pemerintah merga mutusna kebijakan kuwe mestine rembugane ora ming pisan pindo, ora mikir dewekan, ning ana tim, senajan kadang tim ora kerja, merga ewuh utawa moh ribut beda pendapat, merga mestine wis ana sing lewih kuat pengaruhe kanggo nentukna cara utawa kebijakan sing kudune dileksanakna nang daerahe dhewek- dhewek senajan bisa bae kebijakane salah.

Siki priwe carane nglokalisir awak ya nek mriyang maring rumah sakit banjur njaluk dirawat nggo jaluk priksa covid ben mantep, ewandene rika pada positip tur ana gejala gagean maring rumah sakit ben ora telat angger ndilalah kepriksa positif. Klilan….

Beri komentar :
Share Yuk !