Sarung

Rika pada wong ngapak kabeh yakin mesti pada nduwe sarung. Sing santri ya nggo pedinan, nek pejabat ya nek mangsan shalat apa rilek neng umah, nek pemburu ya nggo sangu mbedhil maring alas, pangon nganggo sarung nggo nggawa sangu, nggo ngibadah neng kebon uga tukang becak ya nggawa nggo krodongan angger wengi.

Wujud bahan, sing dijaitna pucuke kanggo nggabunga dadi bentuke kaya trowongan bahan marakna praktis bisa dinggo bungkus, bisa dinggo nutup aurat, bisa nggo sarapan turon, bisa nggo nggendong bayi, uga liyane.

Angger dewek nakokna apa arti filasafate ya sing daerah karo suku liyane, nduwe pemikiran beda. Santri maknani nek apa bae kudu disarungi neng pikiran, neng tumindak ora olih nglewihi wates pemikirane sing berkembang, digulung neng weteng nandakna manteping niat nggolet ilmu dunya akhirat, oranana benik resletinge nandakna nduwe kebebasan neng diskusi pemikiran demokrasi, uga pentinge mikir kuwe ana wektu ana masane, ana watese uga nandakna sederhanane menungsa urip neng ndunya kuwe ora olih sombong merga ana ruang wektune dhewek dewek.

Nyarungi ati pikiran awak lair bathin marakna menungsa ngerti kapan mlayu, kapan mlaku kapan turu. Kapan wates sarung dilinthing, kapan dilipet, kapan digelar, kapan di jiret. Kuwe gemantung menungsa sing gawe arti, maknai barang sing digawe, kena kanggo ngajari bojo, anak, sedulur, murid, kanca, bawahan, uga liyane.
Ngajari kebecikan bisa karo kitab, bisa karo ngomong, bisa karo huruf, bisa karo tembang, bisa karo liyane nek kuwe gawean menungsa. Nek Gusti Allah karo nabi nabine ngajari ilmu karo alam (ayat kauniyah) karo ayat sing ketulis (Quran). Menungsa ngartikna liwat hadits, liwat ijma, qiyas, fatwa, undang undang uga liyane, kabeh mau gemantung kahanan menungsa sekang umure, jenis kelamine, uga liyane.

Rika padha nek wis mudheng ilmu sarung, siki banjur ngerti apa kaya pepatah lain lubuk lain belalang, beda sarung beda isine, beda manfaate. Neng Yaman nggo alas arep kawinan, neng Thailand kanggo adat, neng Indonesia nggo pakaian kebesaran santri we kegiatan ibadahe, neng bocah cilik nggo gawe ninja karo buntut buntutan, neng wong ndesa nggendong bayi, nggendong kendhi nganti nggo rok rokan.

Mayuh atine pikirane gaweane disarungi, ben apa sing ditumindaki pedinan neng kerjaan. neng orgnisasi, neng apa bae, senajan kebuka amba dalane, longgar aturane, ning paham ana watese. Nek wis paham, sinau sekang sarung bae rika wis paham nek diaplikasikna neng kahanan new normal. Mayuh sarunge dinggo, protokole dilakoni, mong tetep bergerak, bekerja, berpikir, kaya fungsine sarunge rika padha dewek dewek. Gawea aturan sing bisa nglindungi awake dhewek karo sekelilinge, sebisane, sengertine, sekuate, sebaguse kanggo rahmatan lil alamin. Kelilaan

Beri komentar :
Share Yuk !