Suwung

Lur, lagi ngapa rika pada. Nyong nebak kawit tangi turu mau tekan siki mesthi wis mbukak HP. Sebabe apa nyong ndadak mbahas HP bae dinggo awal mbukak omong neng tulisan, nyebeli mung kayane dianggep basi, ora anget maning. Ning genah nyatane jamane versus urip brayan antar generasi sing marakna nyong tetep kudu ngemutna. Nek siki jamane 4.0 awal , rika pada wis mulai nggunakna.

Maune sinyal tivi sekang pemancar liwat antena, siki wis bisa ditonton liwat internet. Rika sing umure nduwur 40 taun ya sebagian esih gaptek, ngganea nganggo HP android, ya mung bisa manfaatna kepinterane artificial intelegensine tekhnoligine paling nembe 30 prosen.

Sing umur 20 nganti 39 tahun lah jamane ngerti apa bae sing bisa dimanfaatna. Sekang dodolan online nganti gawe sistem informasi bisa dimanfaatna sekang HP, nganti maburna pesawat cilik kirim barang, moto ,nyoting gawe video uga segalane.

Mung jajal siki mulai merhatekna jebule gadget, HP uga tekhnologi sing digunakna terus terusan marakna bocah oraduwe konsentrasi. Penyakit mau dijenengi continous partial attention. Wong dadi ora fokus karo sing ana neng ngarepe, pikirane mecah karo apa sing neng tangan, alias HP. Kedadian kayakuwe malah wis ora neng bocahan, ning nglanda karo wong sing ora pengerten uga minim tanggungjawab termasuk bojo nganti karyawan, wis kenang wabah kuwe.

Kabeh barang neng ndunya kabeh mau bisa manfaat angger digunakna ora kakehen nglewihi wates. Menungsa nek kakehen nglewihi wates ya mbludag kaya banyu dijogna gelas, marakna malah dadi ngrepoti wong liya merga ora mampu kecel dewekan.

Menungsa Rika pada panginyongan sering mikir awake dewek bisa kabeh, ning kelalen sering ora mikir dasare tumindak, mulane sering kejeglong. Pengin nandur kudu ngerti kapan ngrencanakna, ngerti jenis tanah sing cocok, kapan perlu pupuk kapan ora perlu. Wong nyaring meres madu kudu ngerti carane nyingkirna tawone. Ora bisa modal suwung, seorane kudu ngerti modal ilmune, kudu mantepna niate ben tujuane kecekel paripurna. Wong suwung akehe akeh ngomong sing ora perlu, kaya tong kosong nek ditabok jemlenggung suarane.

Ning jaman siki wong lewih seneng ribut gawe ora manfaat tur ngentongna energi, kabeh mau merga rika pada kerja senenge karo pikirane dewek-dewek mulane sering ora rampung apa sing ditugasna pimpinan. Mung kon gawe surat tugas kadang ndadak mikir nggo ngapa, wis digawe surat tugas ya ora mangkat merga alasan ana tugas liya. Ana tugas wis neng ngarep mata senenge ditunda ora ditugasi nelangsa kaya ora direka.
Wong kaya kuwe sejatine wong egois uga sombong. Uga angel brayan nek dijak kerjasama neng organisasi.

Ora nyukuri gaji sing wis diwehna, uga ora rumangsa ninggalna amanah, karepe olih bagian akeh, ana gawean diwehna anak buah, ditakoni laporan neng atasan malah langsung kon takon petugas. Ditugasi malah golet gawean sing dudu amanahe. Dijak rembugan mingser golet gawean liya. Ditakoni ora koordinasi jere pakewuh uga njanjikna nek wis rampung nembe laporan, jebule ora rampung rampung merga prentah wong maning, ning ora aweh tujuane kenangapa atasan gawe kaya kebijakan kayakue, wong seneng janji ning ora reti carane nepati janji ya wong pengecut uga idiot, nek diwei tugas ora tau bisa rampung, suwung ati, suwung pemikiran, isine emosi karo rumangsa. Kelilaan. (*)

Beri komentar :
Share Yuk !