Wolak walik

Ukara judul tulisane nyong, Rika pada mesti ngerti maksude, ning uga ora bisa mestikna apa sing tek pikirna inyong. Mbuh kepriwe bae apa sing kemecap sekang ukara wong siji liyane mesti ana maksud uga pangerten uga tumuju kanggo ngapa ukara kuwe diucapna.

Maju nduwur wong mikir kon artine amba , ukara sing diucapna mesti nambahi mumet uga kontroversi wong sing beda cara mikire. Crita kaya kuwe wis kawit jaman gemiyen wis dicontohna. Sekang crita kenangapa Adam mung gara gara ora manut karo gusti Allah kon aja mangan buah khuldi , tapi merga kebisik nepsu setan banjur nglangkahi dawuhe Gusti, tekan crita nabi Nuh gawe kapal, nganti ajaran syekh siti jenar, uga liyane.

Wolak walike njaman ana crita kebecikan ana crita kejeglonge menungsa, kabeh mau wis disebutna neng quran . Crita sing ora pas kadang marakna ora senenge menungsa sing atine ora dawa. Kadang uga marakna menungsa siji liyane regejegan. Cara wong nggawe omongan neng brita uga bisa marakna wong siji liyane ora pas banjur marakna kobong jenggot kelalen apa sejatine menungsa diwei cobaan konflik uga masalah ben bisa ngrampungna masalahe karo jujur tur apik.

Akeh wong seneng nambahi omongan ben keton paling, keton apik, keton pinter neng atasan, mulane sering nek pimpinane meleng utawa mingser sedikit langsung bubrah amanahe.
Wong kendel molak malik ora krasa nek kuwe bagian fitnah cilik marakna wong dadi sebel utawa disebeli kanca liya, ujar-ujare pimpinane gampang dilomboni, padahal gusti Allah ora sare.

Bisane wong ATMe limit njaluk tulung bisa diomong ora gawa duit merga ora nyiapna, sijine kepentok nyilih bis bingung dilombo jebule bise liyane dinggo, jere ana kesepakatan arep dolan mangan dewek dewek jebule tekan nggone ora siap tur ngomong oranana kesepakatan. Kabeh mau bisa bisane pada asal njeplak kelalen nek ngomong sepenake kelalen nek kuwe ora bener.

Lur, mayuh mulai ngomong lapor kudu apa anane aja sering gawe hoax , nek ana omongan ora pas karo karepe dewek uga durung mesti hoak merga persepsi menungsa siji liyane, kaya wong ndeleng tivi banjur ngomong ora pas karo beritane, banjur aneh gawe opini kalimat provokasi maring bawahane kon kerja klarifikasi, trus bawahane keweden kaya kebakaran jenggot, akhire munyeng dudu golet solusi tapi ketungkul nglurusna persepsi.

Mulane akeh program tinggal program, pelaksanaane ora terus menerus dadi budhaya etos kerja, tapi asal nggo menuhi tugas , ya oradadi. Mulane lur, anane masalah dadikna bahan nggo ndewasakna, ndadikna mufakat nggo aturan utawa solusi banjur didadikna standard prosedur oprasional kerjane rika pada. Kelilaan.(*)

Beri komentar :
Share Yuk !