Cacar

Alim nembe bae dikabari, nek Radi kenang cacar merga ketularan bocah tanggane sing ndilalah ditulungi ngojeg mangkat maring puskesmas. Jebule Radi urung tau kenang cacar. Mula kuwe ya pantes bae banjur ketularan. Apamaning kawit cilik urung tau vaksin merga wedi disuntik.

Wedine maning bar mangsan Covid 19 siki akeh virus uga bakteri sing mutasi lewih kuat, kelebu TBC ( tuberkulosis) uga cacar sing mutasi dadi cacar monyet.

Dunya tua, makhluke Gusti Allah kabeh kelebu penyakit ya tambah bisa nyesuekena (adaptasi) lingkungan. Udan , karo ketiga ora teratur wektune. Pancaroba meh saben musim.

Cacar air kuwe penyakit menular sing disebabna virus Varicella zoster. Penyakit kiye tandane gejala ruam abang isi cairan, rasane gatel kabeh seawak.

Cacar air (chickenpox) tau dadi penyakit umum neng bocahan. Ning siki sewise akeh vaksin, utamane BCG neng bocahan banjur kedaden kuwe kurang malah kaya langka. Keluhan cacar air uga biasane dipeloni gejala liyane, kaya Demam, Sirah lara, rasa lelah lungkrah, nganti ilang nafsu makan. Penyakit kiye lewih rentan nyerang bocahan sengisor umur 12 tahun. Ning bisa uga kenang wong tuwa.

Cacar utawa varicella, penyebabe kue virus sing gampang nular utamane neng percikan idu, utawa kontak langsung sekang cairan neng menungsa ing lagi kena.

Mula angger Rika urung tau kena, utawa kondisi awak lagi ora kepenak, aja merek wong sing lagi kenang infeksi, mbuh demam, pilek, watuk utawa mriyang liyane, Ben ora kerular.

Banjur aja ijolan gelas, piring, sendok, botol apa cangkir ombenan senajan kuwe anak bojone dhewek kejaba Rika ora mudeng kahanan. Sebab infeksi kuwe ora pandang bulu.

Rika ngerti nek infeksi bisa sekamg bakteri, virus utawa jamur.

Pencegahane ben ora kenang cacar ya kudu sehat. Kekebalan awak kudu prima mbuh sekang vaksin alami utawa vaksin gawenan kaya siki. Banjur tetep sing wis wingi didadekna kebiasaan nganggo masker, njaga jarak, nyuci tangan, ngadohi kerumunan, ngurangi dolan uga liyane kudu wis dadi gaya uripe Rika.

Kaya mbiyen Rika ora kathokan siki wis lengkap klambine, mbiyen ora karo helm siki nek ora Karo helm isin uga wedi nek ndase mbludhas angger kenang benturan.

Siki mulai nek motoran uga kudu aja sendal jepitan merga akeh driji sikil tugel kebentur aspal uga watu karo footstep angger pada numpak motor trus tiba merga kepleset uga tabrakan.

Mayuh mipil nduwe kebiasaan njaga awake dhewek. Majuning jaman, pemerintah ora bisa kabeh dadi tanggungjawabe merga irisan urusan awak sejatine awake dhewek-dhewek sing ngerti.

Apamaning siki perkembangan terapi medis uga wis mulai geser sekang pengobatan evidence medicine mlebu Maring era personal utawa presisi Medicine. Dadi wong kuwe nduwe model dhewek ben bisa nyegah ketularan penyakit, uga obate ora pada secara spesifik siji liyane.

Kedadian industri uga Society sing berkembang terus majuning jaman, marakna Rika padha pancen kudu nyiapna urip anak putu masa depan klebu tatanan sosial mbesuk tembe ngarep. Ben anak putu ora gagap titi mangsane.

Apamaning Indonesia 2045 bakal nduwe bonus demografi sing luar biasa. Aja ngasi duwe generasi sing egois. Aja ngasi nuruna generasi sing goblok uga kurang gizi merga siji lorone kawit siki ora teyeng saling bantu, bisane saling kritik, ya repot.

Mayuh bersatu mbangun fasilitas kesehatan bareng bareng. Ora susah pada iren pediren merga egois karep dianggep kudu paling dihormati, ora jamane. Siki jaman kudu Brayan waras, Brayan Mulya, rahmatan Lil alamin. kelilaan (*)

Beri komentar :
Share Yuk !