Cara

Kepriwe kabare rika lur, wis nglakoni cara gawe umah, gawe dalan, gawe keluarga, gawe anak, gawe gela uga gawe bungah mbok. Nyong rika pada wis nglakoni apa bae ning kadang kelalen ndeleng maning utawa mikir, jebule apa sing rika nyong pada siki nglakoni merga kabeh kedaden ana cara. Cara wong siji liyane beda, ana cara mung nyontoh, ana cara mikir dewek, ana cara prentah, ana cara manut , ana cara nurut, ana cara usul, uga liyane.

Nyong rika pada mung seringe ora gelem mikir, senenge mung ngomong ide ning ora ngerti gawe carane. Kon nyonto gengsi, ora nyonto ora teyeng. Angger ana wong kreatif ora pas disiriki, ana tugas ora disenengi langsung mbegod, tur ora bisa nerangna kenangapa program ora mlaku. Isine nyalahna wong liya. Akhire gawe sekretariat ora dadi-dadi, gawe layanan VIP bingung carane, apamaning layanan eksekutif. Wis ana layanan bingung mayokna ben olih pendapatan. Kuwe kabeh sing sering dipikir rika pada nggawe program aeng aeng ning ora teyeng nglaksanakna ben programe jalan brayan dingerteni wong liya.

Wong kaya wong arep gawe klinik, tujuane apa disit, niate maune kayangapa bisa neng tengah dalan bingung. Semana uga orateyeng duwe klinik akhire gawe praktek dokter sing ijine gampang, syarate lewih ringkes, ning ya arep jalan bae bingung. Ora mikir ben administrasine lengkap nyiapna buku pasien, resep nganti pendaftaran. Pengin rame kudu ana kerjasama karo BPJS uga masyarakat sekitar, ngadep maring sesepuh desa uga perangkat desa ben kabeh layanan bisa bareng-bareng neng prakteke, uga liyane. Nek ora nduwe dokter utawa anane mung bidan karo perawat ya wis dicontoni ana Posyandu, posbindu, dadi nek mung nglayani sing ringan gawe posko kanggo pusat informasi layanan uga mbantu masyarakat nunjukna kepriwe carane ngrujuk utawa maring rumah sakit njaluk pelayanan sing semesthine.

Arep nglayani VIP ya kudu ngerti apa artine disit . VIP artine very important people, mangkane kudu mikir bisa layanane sing VIP bisa uga saranane sing VIP. Maksude kepriwe rika pada arep nganggep penting sapa Bae, kudu ngerti sing jenenge layanan apa bae pancen kudu ora mbedakna standare, ning nek siap nggawe VIP karo eksekutif ya kudu ngerti apa sing dimaksud. Tur Kudu duwe cara, ngerti uga paham. Angger carane mulyakna sapa bae sing kerjasama ya datane mulai kudu ditetapna, kabeh sing nglayani kudu ngerti sekang ngarep tekan mburi.

Rika pada kudu ngerti cara ngepasi karo kualifikasi karo kompetensine, dadi brayane kerja nduwur tekan ngisor lewih dadi. Dudu malah seneng nendangi program wong liya sing dudu urusane, marakna kepinterane rika mung diregani kaya tukang nonton bal balan, bisane ngorong-ngorong ning orabisa ndolanna bal kaya apa, kepriwe carane. Ana contoh sing perlu didadekna contoh program pimpinan sing perlu diacungi jempol, fokus tur oranana sing bisa mbantah merga programe nggolet sebab akibat.”Dalane jembar , rejeki lancar” slogane uga programe Ramane Wong Banjarnegara, Budhi Sarwono. Program sing konsisten kayakuwe pancen nunjukna karakter pimpinan muncul, kaya rama Presiden, senajan embuh kepriwe prosese uga tendere nglibatna sapa, rakyat akhire ngrasakna kepenake ngirim sayur, ngrujuk pasien, jujug putu nganti jujug besan.

Program kaya kuwe bisa dipraktekna jane neng organisasi utawa unit kerja apa bae nek tujuane paham. Contoh perijinan kon cepet ya dideregulasi, digampangna, dibukak aksese sing gampang. Pasien kon ora antri ya digawekna cara ora ngantri kepriwe, lancar, loket ditambah nganti layanan antar, uga liyane. Kabeh mau bisa kecekel pancen angger anggarane ana lewih kepenak.

Ning nek oranana anggaran, kabeh mau bisa lancar ketulung angger niate bener uga paham tujuan. Akhire angger paham siji liyane ujunge wong urip kuwe isine nglayani liyane, gampang banget nutupi kurange wong liya karo cara apik, orasusah mumet, orasusah bingung. Kabeh mau neng leluhur dijenengi gotong royong, ngerti sing wis digarisna pimpinan, ngerti njalanane, ngerti strategine, ngerti solusine, ngerti manfangate, ngerti angger ana kekurangan kepriwe ngrantasi. Kelilaan . (*)

Beri komentar :
Share Yuk !